Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 16:17 - Kitab Sutji

17 nanging saben wong uga nggawaa pisungsung sakuwate, cundhuk karo berkah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 16:17
10 Iomraidhean Croise  

Amargi sinten ta kawula punika saha punapa ta bangsa kawula punika, dene kawula sami saged ngunjukaken pisungsung manasuka kadosdene sapunika punika? Awit saking Paduka pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.


Lan tumrap wong-wong mau kadhawuhake dening kepala dhaerah, manawa ora diparengake mangan sesaosan kang suci pinunjul, nganti ana imam kang jumeneng kang ngasta Urim lan Tumim.


Kanggo kurban dhaharan, raja kudu nyawisake glepung sa-efa kalawan sapi siji lan glepung sa-efa kalawan wedhus gembel lanang siji, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane gumantung kakuwatane, sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa.


Nanging saupama wonge mau mlarat banget, nganti ora bisa mbayar pangajine wong kang dipunageni, iku nuli diajokna marang ngarepe imam, supaya imam nemtokna pangajine; dene imam anggone nemtokake ajine miturut kakuwatane wong kang nglairake punagi mau.


Awit manawa anggonmu weweh iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.


Nuli kowe ngriyayakna dina gedhe Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan nyaosake pisungsung manasuka, miturut anggonmu kaberkahan dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Setaun rambah kaping telu, saben wong lanang kang ana ing antaramu sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih, yaiku ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sarta ing Riyaya Tancebing Tarub. Aja legeh anggonmu seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah,


“Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan