PANGANDHARING TORET 16:16 - Kitab Sutji16 Setaun rambah kaping telu, saben wong lanang kang ana ing antaramu sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih, yaiku ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sarta ing Riyaya Tancebing Tarub. Aja legeh anggonmu seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Faic an caibideil |
Pitung dina lawase anggonmu mahargya riyaya kaya mangkono iku, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang pametuning lemahmu lan sadhengah pagaweanmu, temah kowe bisa bungah-bungah temenan.
Wangsulane wong-wong iku: “Manawi badhe mangsulaken pethining Allahipun Israel punika, sampun dipun wangsulaken kanthi nglaha, panjenengan kedah ngaturaken tebusaning kalepatan dhateng Panjenenganipun; panjenengan lajeng badhe sami saras lan badhe mirsa, punapa sebabipun, dene astanipun boten mundur saking panjenengan.”