Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 16:15 - Kitab Sutji

15 Pitung dina lawase anggonmu mahargya riyaya kaya mangkono iku, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang pametuning lemahmu lan sadhengah pagaweanmu, temah kowe bisa bungah-bungah temenan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 16:15
11 Iomraidhean Croise  

Wong-wong banjur padha lunga amek godhong-godhong mau, sarta padha gawe tarub, ana ing dhuwur payone omahe dhewe-dhewe, ing pakaranganing omahe, uga ing plataraning padalemane Gusti Allah, ing alun-alun sangarepe gapura Banyu, lan ing alun-alun ing sangarepe gapura Efraim.


amarga ing dina iku wong Yahudi padha luwar saka ing tanganing mungsuhe, lan iya ing sasi iku anggone kasusahan malih dadi kabungahan, tuwin dina tangisan dadi dina gambira; dina iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan lan dadi dina kirim-kiriman pangan sarta dina dedana marang wong miskin.


Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.


Nuli kowe ngriyayakna dina gedhe Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan nyaosake pisungsung manasuka, miturut anggonmu kaberkahan dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Ing dina gedhemu iku, kowe padha bungah-bungaha, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lang wadon, apadene wong Lewi lan wong bangsa liya, bocah lola lan randha kang padha ana ing antaramu.


Setaun rambah kaping telu, saben wong lanang kang ana ing antaramu sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih, yaiku ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sarta ing Riyaya Tancebing Tarub. Aja legeh anggonmu seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah,


marga ing dina iki aku prentah marang kowe, supaya kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta lumakua ana ing dalan pitedahe, apadene netepana ing pepaken lan katetepan sarta prasetyane, supaya kowe lestaria urip lan tangkar-tumangkara, sarta diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi.


Kowe bakal dikasihi, diberkahi lan didadekake tangkar-tumangkar. Karodene Panjenengane iya bakal mberkahi wohing wetenganmu, pametuning bumimu, gandummu lan anggurmu sarta lengamu, apadene anak-anake sapimu lan wedhusmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yen iku bakal diparingake marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan