Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 16:13 - Kitab Sutji

13 Kowe mahargyaa Riyaya Tancebing Tarub lawase pitung dina, yaiku samangsa kowe wus nglebokake pametune panutonmu lan pamipitan anggur.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 16:13
14 Iomraidhean Croise  

Ing dina riyaya ing sasi kang kapitu sakehe wong Israel padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Nata.


cundhuk karo apa kang manut dhawuhe Nabi Musa katetepake dadi kurban dinan, kurban ing dina Sabat, ing sasi anyar, lan setaun kaping telu ing dina riyaya, yaiku: ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing dina riyaya Pungkasaning Pitung Minggu lan ing dina riyaya Tancebing Tarub,


Karodene padha netepi riyaya Tancebing Tarub condhong karo kang wus kapacak, sarta ing sadina-dina nyaosake kurban obaran, miturut cacah kang wus katamtokake yaiku saben dina, kaya kang wus kapranata, kanggo ing dina iku.


Riyaya panen, iya riyaya wiwitaning pametune anggonira nyebar ing tegal, iku uga tetep sira anakna, mangkono uga riyaya undhuh-undhuh, samangsa tutuping taun, salebare anggonira ngundhuhi pametuning pategalanira.


Sira netepana riyaya pungkasaning pitung minggu, iya iku riyaya wiwitane panen gandum, apadene riyaya undhuh-undhuh ing pungkasane taun.


Dene kula piyambak, kula manggen wonten ing Mizpa saha dados wakil wonten ing ngajengipun tiyang Kasdim, ingkang sami badhe ndhatengi kita; nanging panjenengan sadaya punika sami kula aturi ngempalaken piwedaling anggur, wowohan saha lisah, lajeng kasimpen minangka pasadhiyan, saha sami dedalem ing kitha-kitha, ingkang panjenengan karsakaken.”


Sira padha ngladekna saka glepungira kang kawitan arupa roti bunder siji, minangka pisungsung mligi kang saka ing papan panutonira.


Nalika iku ngarepake riyayane wong Yahudi kang aran riyaya Tancebing Tarub.


nuli padha diprentahi dening Nabi Musa mangkene: “Iki wekasane pitung taun ing mangsane nglilakake utang kaya kang wus katemtokake, yaiku Riyaya Tancebing Tarub;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan