PANGANDHARING TORET 16:11 - Kitab Sutji11 Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane. Faic an caibideil |
Nanging anggonmu mangan iku anaa ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing panggonan kang bakal kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe, dalah anak-anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon lan wong Lewi kang ana ing wewengkonmu. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, marga saka samubarang kang wus koktandangi.
nuli bani Lewi kang ora oleh panduman tanah-pusaka kaya kowe iku, apadene wong bangsa liya kang neneka, anak yatim sarta randha kang ana ing panggonanmu, iku bakal padha mara lan mangan nganti wareg; iku supaya kowe diberkahana dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tumrap sakehe pagawean kang koktindakake.”