Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 16:10 - Kitab Sutji

10 Nuli kowe ngriyayakna dina gedhe Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan nyaosake pisungsung manasuka, miturut anggonmu kaberkahan dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 16:10
22 Iomraidhean Croise  

Amargi sinten ta kawula punika saha punapa ta bangsa kawula punika, dene kawula sami saged ngunjukaken pisungsung manasuka kadosdene sapunika punika? Awit saking Paduka pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.


Sabanjure Kore bin Yimna, sawijining wong Lewi, dadi jaga gapura wetan, niti-priksa pisungsung-pisungsung manasuka kagem Gusti Allah, sarta ngedum-edum pisungsung-mligi kang kagem Pangeran Yehuwah lan pisungsung-pisungsung suci pinunjul.


Sakehe wong lanang lan wadon kang legawa atine padha nguruni kanggo sabarang gegawean kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa supaya digarap wong-wong iku, yaiku wong Israel, iku padha ngladekake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.


Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.


Sapa kang ngreti, bokmanawa karsa mengker lan piduwung, sarta nilari berkah, kagawe kurban dhaharan lan kurban unjukan sumaos marang Pangeran Yehuwah, Allahmu.


Nanging manawa wonge ora bisa nganakake wedhus berok utawa wedhus gembel, kena ngladekake manuk deruk loro utawa manuk dara loro, siji kanggo kurban obaran, sijine kanggo kurban pangruwating dosa; dene imam nuli nganakna pirukun kanggo wong wadon iku, temah bakal birat najise.”


Esuke sawuse dina sabat iku, iya iku dinane anggonira padha ngladekake bentelan pisungsung goyangan mau, sira padha ngetunga pitung minggu wutuh;


Dene manawa ora duwe sanak kang wajib nebus, mangka sawuse mangkono bisa nebus dhewe marga wus nemu kang kagawe nebus darbeke,


Nanging manawa wong mau ora bisa ngaturake wedhus berok utawa wedhus gibas, kanggo panebusing dosa kang wus dilakoni, iku nyaosna marang Sang Yehuwah arupa manuk deruk loro utawa piyik dara loro, siji kanggo kurban pangruwating dosa, siji kanggo kurban obaran.


Ing dina wiwitaning panen, samangsa sira padha ngladekake kurban dhaharan anyar marang Pangeran Yehuwah, ing riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sira padha nganakna pasamuwan suci, sarta aja nindakake pagawean kang abot.


banjur sira njupuka pisungsung kagem Sang Yehuwah saka para prajurit kang padha nglurug perang, saben limang atuse siji, iya saka manungsa, iya saka sapi, saka kuldi lan saka wedhus.


Dadi pisungsung kang sumaos marang Sang Yehuwah ana wedhus nem atus pitung puluh lima.


Ing dina kapisan ing saben minggu, sawiji-wijining panunggalanmu – adhedhasar apa kang padha koktampa – padha nisihna sawatara lan simpenen ana ing omah, supaya anggonmu padha nglumpukake iku aja nganti lagi koktindakake samangsa aku teka.


Iya iki panemuku tumrap bab iku, kang bokmanawa maedahi tumrap kowe. Pancen wus wiwit taun kang kapungkur anggonmu wiwit nindakake lan sumedya ngrampungake uga.


Awit manawa anggonmu weweh iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.


Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


Kowe ngetunga pitung minggu; anggonmu ngetung pitung minggu iku wiwitana nalika anyak ngeriti gandum kang durung dieneni.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan