Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 16:1 - Kitab Sutji

1 “Kowe elinga sasi Abib lan ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; marga ing sasi Abib iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir ing wayah bengi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 16:1
16 Iomraidhean Croise  

Lan trep ing dina iku uga Pangeran Yehuwah ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir miturut sagolongan-golongane.


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Ing dina iki kowe padha metu, mbeneri sasi Abib.


Setaun kaping telu sira kudu nganakake riyaya sumaos marang Ingsun.


Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa.


Sira netepana riyaya Roti Tanpa Ragi; pitung dina lawase sira kudu mangan roti tanpa ragi, kaya kang wus Sunprentahake marang sira, ing waktu kang wus katetepake ana ing sasi Abib; awit mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka tanah Mesir.


Ing sasi kapisan tanggal ping pat belas ing sasi iku, ing wayah sore iku Paskah kagem Sang Yehuwah.


“Ing sasi kapisan tanggal patbelas iku Paskahe Pangeran Yehuwah,


Ing saben taun samangsa riyaya Paskah, rama-ibune Gusti Yesus menyang ing Yerusalem.


Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem.


Sawuse mangkono, kabener ana riyayane wong Yahudi, Gusti Yesus nuli tindak menyang ing Yerusalem.


Nalika samana wus ngarepake Paskah, riyayane wong Yahudi.


Ing kono kowe nyembeleha wedhus lan sapi kanggo kurban Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah kagem padalemaning asmane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan