Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 15:9 - Kitab Sutji

9 Dingati-ati, supaya ing atimu aja nganti ana pikiran kang ala mangkene: Iki wus ndungkap taun kapitu, taun mangsane palunasan utang, lan kowe banjur mangkel marang sadulurmu kang miskin iku lan ora menehi apa-apa; nuli sadulurmu mau sesambat marang Sang Yehuwah mungguh ing ngatase kowe, temah prakara iku ndadekake dosamu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 15:9
30 Iomraidhean Croise  

njalari panjeriting wong miskin sumengka marang ing ngarsane, sarta Panjenengane iku karsa midhangetake panjeriting wong sangsara.


Kawula boten badhe manah dhateng prakawis ingkang awon, pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti, boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula.


yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang! Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang mrentah aku?”


Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, kang akedhaton ing Sion. Padha nyaritakna pandamele ana ing tengahing para bangsa.


Sira aja nganiaya randha utawa bocah lola.


Yen nyata sira nganiaya, mangka iku kalawan sora sesambat marang Ingsun, mesthi bakal Sunsembadani pasambate,


Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.


Sing sapa ngremehake pepadhane iku gawe dosa, nanging rahayu wong kang melasi marang wong kang kasangsaran.


Sing sapa nutupi kupinge marang pasambate wong mlarat, manawa sambat-sambat dhewe, ora bakal disembadani.


Aja mangan pangane wong cethil, lan aja melik marang pangane kang enak-enak,


Mikir kabodhoan iku marakake dosa, sarta wong ambek memoyok iku nistha tumrap manungsa.


Wong kang cethil ngarah enggal sugih, lan ora ngawruhi yen bakal ngalami kacingkrangan.


Atimu reksanen kanthi waspada, awit iku etuking panguripan.


Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”


Ing sawuse pitung taun sira siji-sijine kudu mardikakake sadulure bangsa Ibrani kang wus padha ngedol awake marang sira; dheweke bakal padha ngenger nem taun suwene, nuli kudu kokluwari banjur dadi wong mardika. Nanging para leluhurira ora padha ngestokake lan nggatekake marang dhawuhingSun.


Amarga kang thukule saka ing ati iku kayata: pikiran kang ala, gawe pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah.


Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowe meri, dene aku kok loma?


“Saben pendhak pitung taun kowe nganakna palunasan utang.


Ing dina iku uga sadurunge srengenge surup, buruhane dinan kawenehna, awit wong iku mlarat lan mesthi ngarep-arep opahane; supaya wong iku aja nganti sesambat marang Sang Yehuwah bab kowe, temah iku dadi dosa tumrap kowe.


nuli padha diprentahi dening Nabi Musa mangkene: “Iki wekasane pitung taun ing mangsane nglilakake utang kaya kang wus katemtokake, yaiku Riyaya Tancebing Tarub;


Dadi sing sapa mangreti ing bab panggawe becik, mangka ora nglakoni, iku dadi lan dosane.


Aja duwe pangira, manawa Kitab Suci iku tanpa sabab anggone ngandika: “Roh kang wis kadunungake Gusti Allah ana ing kita, dikarsakake kanthi butajengan.”


Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.


He para sadulur, kowe aja padha nggresah lan dakwa-dinakwa, supaya kowe aja nganti diadili. Sajatine Sang Hakim wis jumeneng ing ngarep lawang.


Sing padha seneng pondhok-pinondhokan ora nganggo nggrundel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan