Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 15:7 - Kitab Sutji

7 Saupama ing antaramu ana wong miskin panunggalane sadulurmu ana ing salah sawijining panggonanmu, ana ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ing kono kowe aja nganti ora maelu utawa mung sedhakep tangan bae ana ing ngarepe sadulurmu kang miskin mau,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 15:7
15 Iomraidhean Croise  

Nuli ana pangresulane rakyat kang banget dalah wonge wadon marang para sadulure, wong Yahudi.


Mulane tumrap wong Yahudi ing padesan, lan kang padha manggon ora nganggo balowarti, tanggal ping patbelas ing sasi Adar iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan sarta dina sukarena tuwin dina kirim-kiriman paweweh.


amarga ing dina iku wong Yahudi padha luwar saka ing tanganing mungsuhe, lan iya ing sasi iku anggone kasusahan malih dadi kabungahan, tuwin dina tangisan dadi dina gambira; dina iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan lan dadi dina kirim-kiriman pangan sarta dina dedana marang wong miskin.


Manawa sira ngutangi marang wong panunggalanira, umatingSun kang miskin ana ing antaranira, pangrengkuhira aja kaya salumrahe wong potang, aja sira jaluki anakan.


Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang bakal males panggawene iku.


Sing sapa nutupi kupinge marang pasambate wong mlarat, manawa sambat-sambat dhewe, ora bakal disembadani.


manawa sira menehi wong keluwen apa kang sira dhewe arep lan gawe lejaring atine wong kang katindhes, pepadhangira bakal sumorot ana ing pepeteng sarta pepetengira bakal kaya wayah tengange.


“Saupama sadulurira ana kang tumiba ing kamlaratan, nganti wus ora bisa ngglawat ana ngarepira, iku kabantua, dipadha kaya wong manca utawa wong neneka, supaya bisa lestari urip ana ing tengahira.


Nanging kang motangake rengkeng, malah kancane mau banjur kapasrahake marang pakunjaran nganti salunase utange.


Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”


Awitdene mungguh wong miskin iku salawase bakal tansah ana bae ing nagara kono; mulane kowe dakprentahi mangkene: Tanganmu egarna kang amba marang sadulurmu kang kacingkrangan lan kang miskin ana ing nagaramu.”


Dingati-ati, supaya ing atimu aja nganti ana pikiran kang ala mangkene: Iki wus ndungkap taun kapitu, taun mangsane palunasan utang, lan kowe banjur mangkel marang sadulurmu kang miskin iku lan ora menehi apa-apa; nuli sadulurmu mau sesambat marang Sang Yehuwah mungguh ing ngatase kowe, temah prakara iku ndadekake dosamu.


Kowe aja nindhes marang buruh dinan kang mlarat lan nandhang sangsara, dadia iku sadulurmu utawa bangsa liya kang ana ing nagaramu lan ing sajroning panggonanmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan