Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 15:2 - Kitab Sutji

2 Mungguh carane palunasan iku mangkene: Saben wong kang motangake iku nglilakna apa kang diutangake marang pepadhane, aja nganti nagih marang pepadhane utawa sadulure, marga wus ana undhang-undhang bab palunasan kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 15:2
13 Iomraidhean Croise  

Lan manawa wong bangsa ing nagara kono padha nawakake dagangan utawa gandum warna-warna ing dina Sabat, mesthi padha ora daktuku, dadia ing dina Sabat utawa ing dina sengkeran liyane. Sarta maneh aku bakal padha ngetogake mangkono bae pametuning bumi ing taun kapitu lan ora bakal nagih piutang.


“Punapa sababipun dene kawula sami siyam Paduka kok ugi boten nggatosaken? Punapa sababipun dene kawula sami ngesoraken badan Paduka kok boten karsa nguningani?” Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira, tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira.


Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.


Sarehne padha ora bisa nyaur, kang potang banjur nglilakake utange wong loro mau. Wong loro iku sing endi sing luwih tresna marang dheweke?”


“Saben pendhak pitung taun kowe nganakna palunasan utang.


Tumrap wong bangsa liya iku kena koktagih, nanging kang kokutangake marang sadulurmu iku lilakna.


nuli padha diprentahi dening Nabi Musa mangkene: “Iki wekasane pitung taun ing mangsane nglilakake utang kaya kang wus katemtokake, yaiku Riyaya Tancebing Tarub;


Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan