PANGANDHARING TORET 15:19 - Kitab Sutji19 “Sadhengah pembarep lanang kang lair ana ing antarane sapimu lan wedhusmu, iku kasengkera kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; pembarepe sapimu aja kokanggo magawe, lan pembarepe wedhusmu aja kokbathili. Faic an caibideil |
kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.
Ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kagem padalemaning asmane, ana ing ngarsane kono kowe mangana pisungsung prasepuluhane gandummu, anggurmu lan lengamu, apadene pembareping sapimu utawa wedhusmu, supaya kowe sinaua tansah wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.