Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 15:18 - Kitab Sutji

18 Anggonmu mardikakake baturmu aja kalawan oweling atimu, awitdene anggone wus ngenger marang kowe nem taun lawase, iku oleh-olehane tikel lorone buruh dinan. Dene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang kang koklakoni.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 15:18
6 Iomraidhean Croise  

Mulane saiki Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ing sajroning telung taun, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, kamulyane Moab kalawan karameane kang gedhe, bakal dadi cecamahan, lan wong kang kari bakal sethithik banget lan ora kwasa.”


Awit mangkene pangandikane Pangeran marang aku: “Sanjrone sataun maneh, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, sakehing kamulyane Kedar bakal sirna.


Poma kowe menehana kalawan blaba lan samangsa menehi, atimu aja mendhekel; awit marga saka prakara iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi kowe ing sabarang pagaweanmu lan ing sakehe pambudi-dayamu.


nuli kowe njupuka uncek, kacoblosna ing godhohing kupinge tumempel ing lawang, temah dadi baturmu salawase. Dene baturmu wadon iya kagawea kaya mangkono uga.


“Sadhengah pembarep lanang kang lair ana ing antarane sapimu lan wedhusmu, iku kasengkera kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; pembarepe sapimu aja kokanggo magawe, lan pembarepe wedhusmu aja kokbathili.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan