Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-semah kula, kula boten badhe medal dados tiyang merdika,
nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.
Nanging saupama baturmu mau duwe atur marang kowe: Kula boten badhe medal nilar panjenengan! – marga wus tresna marang kowe lan brayatmu, sarta wus kepenak ana ing panggonanmu,
Anggonmu mardikakake baturmu aja kalawan oweling atimu, awitdene anggone wus ngenger marang kowe nem taun lawase, iku oleh-olehane tikel lorone buruh dinan. Dene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang kang koklakoni.”
Nanging Hana ora melu, awit pangucape marang kang lanang: “Benjing manawi larenipun sampun kasapih, kula badhe ngeteraken piyambak, dene lare punika sageda ngadhep wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah lan tetepa wonten ing ngrika ing sajegipun gesang.”