Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 15:15 - Kitab Sutji

15 Kowe padha elinga yen ing biyen kowe iya padha dadi batur ana ing tanah Mesir, banjur kowe ditebus dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mulane kowe dakprentahi mangkono ing dina iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 15:15
17 Iomraidhean Croise  

Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?


“Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.


Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha nggayuh marang kabeneran, he sira kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah! Padha mawasa gunung parang, pinangkanira katatah, lan luwangan parang pinangkanira kadhudhuk.


Mulane lah bakal tumeka ing wektune wus ora ana tembung mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –,


Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate,


manawa nalika samana kowe tanpa Sang Kristus, ora klebu warga Israel lan ora oleh panduman tumrap prasetya kang kajanjekake, tanpa pangarep-arep lan tanpa Gusti Allah ana ing donya.


Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.


sangonana kanthi loma saka pepanthaning wedhusmu lan saka panutonmu sarta saka pamipitanmu anggur, cundhuk karo berkahing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.


Nanging saupama baturmu mau duwe atur marang kowe: Kula boten badhe medal nilar panjenengan! – marga wus tresna marang kowe lan brayatmu, sarta wus kepenak ana ing panggonanmu,


Elinga yen ing biyen kowe pada dadi batur ana ing Mesir. Katetepan iki lakonana kalawan setya.


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, dadi kita iya padha kawajiban masrahake nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan