Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 15:14 - Kitab Sutji

14 sangonana kanthi loma saka pepanthaning wedhusmu lan saka panutonmu sarta saka pamipitanmu anggur, cundhuk karo berkahing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 15:14
8 Iomraidhean Croise  

Sang Nehemya yaiku kepala dhaerah, karo Imam Ezra, ahli kitab sarta para wong Lewi kang mulang marang wong-wong mau, banjur padha ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Dina iki dadi sesengkerane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu. Kowe aja padha prihatin, lan aja nangis.” Amarga wong kabeh padha nangis, nalika krungu surasane Toret.


Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.


Dhuh Allah, Paduka ngesokaken jawah kalayan mirah; siti kagungan Paduka ingkang garing Paduka pulihaken,


Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.


Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.


Ing dina kapisan ing saben minggu, sawiji-wijining panunggalanmu – adhedhasar apa kang padha koktampa – padha nisihna sawatara lan simpenen ana ing omah, supaya anggonmu padha nglumpukake iku aja nganti lagi koktindakake samangsa aku teka.


Dene samangsa koklilani mardika, aja koklungakake kalawan legeh bae,


Kowe padha elinga yen ing biyen kowe iya padha dadi batur ana ing tanah Mesir, banjur kowe ditebus dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mulane kowe dakprentahi mangkono ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan