Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 15:13 - Kitab Sutji

13 Dene samangsa koklilani mardika, aja koklungakake kalawan legeh bae,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 15:13
9 Iomraidhean Croise  

Saupami Allahipun bapa kula, Allahipun Eyang Abraham, sarta ingkang dipun eringi bapa kula Iskak boten nunggil kula, sapunika panjenengan tamtu ngesahaken kula kanthi legeh; nanging Gusti Allah sampun nguningani kasangsaran saha ngrekaos kula, saha sampun ndhawahaken karampungan kala wau dalu.”


Lan wong Mesir bakal Sundadekake loma marang bangsa iki, satemah samangsa sira padha lunga, mesthi ora klawan legeh.


Bilai wong kang mbangun kratone adhedhasar kang ora adil, lan pandhapane gedhe adhedhasar pratingkah kang daksiya, lan kang magawekake pepadhane kanthi lelahanan sarta ora menehi pituwase,


Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


“Saupama ana sadulurmu wong Ibrani lanang utawa wadon kang ngedol awake marang kowe, iku anggone ngenger marang kowe nganti nem taun lawase, nanging ing taun kaping pitune lilanana mardika.


sangonana kanthi loma saka pepanthaning wedhusmu lan saka panutonmu sarta saka pamipitanmu anggur, cundhuk karo berkahing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.


He, para bandara, tumindaka adil lan jujur marang baturmu, elinga yen kowe uga duwe bandara ana ing swarga.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan