PANGANDHARING TORET 14:8 - Kitab Sutji8 Mangkono uga celeng, tracake iya belah, nanging ora nggayemi, iku dadia karam tumrap ing kowe. Aja padha kokpangan daginge lan kowe aja nganti kagepok ing bathange. Faic an caibideil |
Wong nyembeleh sapi lanang, nanging uga mateni manungsa, wong ngurbanake wedhus, nanging iya nugel gulune asu, wong caos kurban dhaharan, nanging iya nyaosake getih babi, wong nyaosake menyan, nanging uga memuja marang brahala. Mulane: Kayadene anggone padha luwih seneng marang dalane dhewe, lan nyawane seneng marang dewaning kaninsthan,