“Panjenengan mirsa, bilih Rama Dawud, rama kula, boten saged ngedegaken padaleman kagem asmanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun, amargi mengsahipun sami merangi panjenenganipun saking pundi-pundi, satemah lajeng kaulungaken dening sang Yehuwah dhateng ing sangandhaping sampeyanipun.
Anak-anakmu wus padha pating gluntung tanpa daya ana ing sakehing pepojoking dalan kaya sapi alasan kang klebu ing jaring; padha katempuh ing panasing bebendune Pangeran Yehuwah lan dedukaning Allahmu.
Ewadene kowe kena bae nyembeleh lan mangan daging ing sasenengmu dhewe, mawa-mawa berkah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ana ing sakehe panggonanmu. Wong kang najis lan kang ora najis padha kena mangan iku, kaya yen mangan daging kidang utawa menjangan;
Iya sadhengah kewan kang asikil papat kang tracake belah, – yaiku kang belahane cawang dadi loro –, sarta kang nggayemi ing antarane sato-kewan kang asikil papat, iku kang klilan padha kokpangan.