PANGANDHARING TORET 14:26 - Kitab Sutji26 dene dhuwit iku banjur tukokna apa sasenenging atimu, apa sapi, wedhus, anggur utawa minuman keras utawa apa bae kang dipengini atimu, tumuli mangana ana ing kono ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu sarta bungah-bungaha, iya kowe dalah brayatmu. Faic an caibideil |
Nanging anggonmu mangan iku anaa ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing panggonan kang bakal kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe, dalah anak-anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon lan wong Lewi kang ana ing wewengkonmu. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, marga saka samubarang kang wus koktandangi.