Lakune wis padha tekan ing Yerusalem, Gusti Yesus bareng wis lumebet ing Padaleman Suci, banjur tumandang nundhungi wong-wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci. Meja-meja pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake
Anadene saupama kadohen lakumu nggawa mrana, awit panggonan kang bakal dipilih dening Yehuwah Allahmu kagem padalemaning asmane iku adoh saka ing panggonanmu, mangka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus mberkahi marang kowe,
dene dhuwit iku banjur tukokna apa sasenenging atimu, apa sapi, wedhus, anggur utawa minuman keras utawa apa bae kang dipengini atimu, tumuli mangana ana ing kono ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu sarta bungah-bungaha, iya kowe dalah brayatmu.