PANGANDHARING TORET 14:23 - Kitab Sutji23 Ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kagem padalemaning asmane, ana ing ngarsane kono kowe mangana pisungsung prasepuluhane gandummu, anggurmu lan lengamu, apadene pembareping sapimu utawa wedhusmu, supaya kowe sinaua tansah wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Faic an caibideil |
kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.
Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake.