Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 14:21 - Kitab Sutji

21 Kowe aja mangan sadhengah bathang; iku kena kokwenehake marang wong bangsa liya kang ana ing panggonanmu supaya dipangan, utawa kena kokedol marang wong neneka; marga kowe iku bangsa suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Cempe aja kokolah nganggo puwane embokne.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 14:21
19 Iomraidhean Croise  

Sira mesthi padha dadi karajan kaimaman lan bangsa kang suci. Iya iku pangandika kang kudu sira undhangake marang wong Israel.”


Mangkono uga mungguh sapi lan wedhusira, anak-anake padha worna karo embokne pitung dina, ing wolung dinane saosna marang Ingsun.


Pepethingane pametune buminira iku ladekna marang ing padalemaning Sang Yehuwah Gusti Allahira. Anggonira nggodhog daginging cempe iku aja nganggo puwaning embokne.”


Wiwitaning pametune buminira kang becik dhewe sira ladekna menyang padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira aja ngolah daging cempe nganggo puwane embokne.”


Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, saestu kawula dereng nate kanajisaken, lan wiwit enem ngantos dumugi sapunika dereng nate nedha bebathang utawi sisaning memangsanipun kewan galak, punapa malih cangkem kawula dereng nate klebetan daging bosok.”


Sakehing manuk utawa kewan kang wus mati, utawa sisaning kewan galak iku ora kena kapangan dening para imam.”


Aku banjur krungu priya kang ngagem pangageman lena kang ana ing sadhuwuring banyune kali iku anggone supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng, kambi ngangkat astane kang tengen lan kang kiwa marang ing langit: “Iku lawase samangsa, rong mangsa lan satengah mangsa; lan manawa wus sirna pangwasane juru pangrusaking bangsa kang suci iku, bab iku kabeh bakal rampung!”


Kakuwatane bakal ngedab-edabi, nanging iya ora kaya kang dhisik, iku bakal nekakake karusakan kang nggegirisi, sarta apa kang katindakake bakal kelakon kasil. Para wong kang kadunungan pangwasa bakal kasirnakake, samono uga bangsane wong suci.


Lan sing sapa mangan bathange, iku ngumbaha sandhangane lan iya dadi najis tumeka suruping srengenge. Mangkono uga kang nggawa bathange, iya ngumbaha sandhangane lan dadi najis tumeka suruping srengenge.


Karodene sing sapa mangan bathang utawa sisane kewan galak, dadia wong Israel utawa wong liya, iku kudu ngumbah sandhangane lan adus sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge, banjur lagi mari najise.


Bathang lan sisane kewan galak, aja dipangan, supaya aja ndadekake najise marga saka kang mangkono iku; Ingsun iki Yehuwah.


Prayoginipun kita kintun serat dhateng sadherek-sadherek punika, supados sami nyirik tetedhan ingkang sampun kajemberaken dening brahala, saha nebihi lampah jina, punapadene nyirik dagingipun kewan tetakan tuwin rah.


Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.


awitdene kowe iku umat kang suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe kang wus dipilih dening Sang Yehuwah saka ing antarane para bangsa kabeh kang ana ing salumahe bumi, kadadekake umat kagungane piyambak.”


Sarupane manuk kang kalal iku kena kokpangan.


Marga kowe iku umat kang suci, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe kang dipilih dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing antarane para bangsa kang ana ing salumahing bumi, kadadekake umat kagungane kang kinasihan.


sabab ana tulisan mangkene: Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan