Nanging sadhengah kang ana ing sagara lan ing kali kang tanpa kepet lan sisik, sarta maneh panunggalane kang padha uyel-uyelan pating krogel ana ing banyu, iku kabeh najis tumrap sira.
Sarta maneh manawa ana wong kang nggepok sabarang kang najis, yaiku najising manungsa, utawa najising kewan kang najis utawa kewan gumremet kang najis, mangka banjur mangan daginge kurban slametan kang kagem Pangeran Yehuwah, wong kang mangkono iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”