Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 13:8 - Kitab Sutji

8 iku aja nganti kokkalahi lan aja kokrungokake. Iya aja kokeman lan kokwelasi utawa kokdhelikake kaluputane;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 13:8
13 Iomraidhean Croise  

Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.


He anakku, manawa kowe dibujuk dening wong dosa, kowe aja nurut;


Awit saka iku dhemi Ingsun gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, marga saka anggonira najisake pasuceningSun kalawan sakehing dewanira kang nistha lan kalawan sakehing durakanira, lah Ingsun piyambak bakal ngrubuhake sira; Ingsun ora bakal ngeman lan ora bakal nandukake kawelasan.


iya panunggalane allahe para bangsa kang ana ing saubengmu, dadia kang cedhak utawa kang adoh karo kowe, saka poncoting bumi tekan poncoting bumi,


Wong kang kaya mangkono iku aja kokwelasi. Kaya mangkono anggonmu ngilangi getihe wong kang resik saka ing Israel, supaya kowe ginanjara slamet.”


Sang Yehuwah bakal mbuyarake kowe ana ing antarane para bangsa, saka ing pungkasane bumi tutug ing pungkasane bumi, ana ing kono kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi lan iya ora disumurupi dening para leluhurmu, kang rupa kayu lan watu.


padha sesajen marang para roh reged kang dudu Allah, marang allah kang padha ora diwanuhi, allah anyar kang lagi bae jumedhul, kang ora diwedeni dening para leluhurmu.


Sakehe bangsa kang bakal diulungake dening Pangeran Yehuwah marang kowe iku kudu padha koktumpes; aja nganti kokeman, lan aja ngabekti marang allahe, awit iku masthi dadi kalajiret tumrap kowe.


sarta iku wus padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe satemah kena kokgecak nganti kalah, bangsa iku kudu padha koktumpes babar pisan. Aja gawe prajanjian karo bangsa-bangsa iku lan aja kokwelasi.


He, anak-anakku, sing padha waspada marang sakehe brahala.


Wong Israel padha ndlarung nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah; padha ngabekti marang para Baal lan Asytoret, marang para allahe wong Aram, para allahe wong Sidon, para allahe wong Moab, para allahe bani Amon lan para allahe wong Filisti, padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah sarta ora ngabekti marang Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan