Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 13:7 - Kitab Sutji

7 iya panunggalane allahe para bangsa kang ana ing saubengmu, dadia kang cedhak utawa kang adoh karo kowe, saka poncoting bumi tekan poncoting bumi,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 13:7
7 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu sugenge iya manut ing lampah-lampahe tedhake Sang Prabu Akhab, awit kang ibu paring pitutur supaya nglampahi kang ala.


Tumuli sakehe wong lanang kang padha ngreti manawa bojone padha sesaji kurban marang allah liyane, lan sakehe wong wadon kang padha ana ing kana, wong akeh banget, yaiku rakyat kang manggon ana ing tanah Mesir lan ing Patros, padha mangsuli, tembunge:


Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sakehe lelurahe bangsa iku padha sira tangkepana, nuli padha kagantunga ana ing ngarsaning Yehuwah blak-blakan, supaya bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad iku sumingkira saka ing Israel.”


Saupama sadulurmu lanang, anake biyungmu utawa anakmu lanang utawa wadon, utawa somahmu dhewe utawa mitramu, kalawan dhedhemitan mbujuk marang kowe, pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu,


iku aja nganti kokkalahi lan aja kokrungokake. Iya aja kokeman lan kokwelasi utawa kokdhelikake kaluputane;


Aja ngetut-buri allah liya-liyane, panunggalane allah-allahe para bangsa kang ana ing saubengmu;


Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan