Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 13:6 - Kitab Sutji

6 Saupama sadulurmu lanang, anake biyungmu utawa anakmu lanang utawa wadon, utawa somahmu dhewe utawa mitramu, kalawan dhedhemitan mbujuk marang kowe, pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 13:6
50 Iomraidhean Croise  

Ibu Sarai tumuli matur marang Rama Abram: “Bab anggenipun nyakitaken manah kula punika, panjenengan ingkang tanggel-jawab, kula sampun ngaturaken rencang estri wau dhateng panjenengan, nanging sapunika sareng rumaos wawrat, kok lajeng nyepelekaken kula. Sang Yehuwah mugi paring kaleresan ing antawisipun kula kaliyan panjenengan.”


Kula ngraosaken sisah margi saking panjenengan, dhuh sadherek kula Yonatan; panjenengan rumaket sanget dhateng kula; tumrap kula katresnan panjenengan punika langkung nggumunaken katimbang katresnaning wanita.


Nabi Elia tumuli ngandika marang wong kabeh: “Cekelen nabi-nabi Baal iku, siji bae aja nganti ana kang bisa oncat.” Bareng wus padha dicekel, banjur dibekta dening Nabi Elia menyang ing kali Kison sarta kabeleh ana ing kono.


Sawuse mangkono rakyat ing nagara padha lumebu menyang ing omah kabuyutane Baal kabeh, kang banjur dibubrah. Misbyah-misbyah lan reca-reca padha diremuki; Matan, imame Baal dipateni ana ing ngarepe misbyah-misbyah mau. Imam Yoyadha nuli ngangkat wong kang padha rumeksa marang padalemaning Sang Yehuwah.


Saben wong, bocah utawa wong diwasa, lanang utawa wadon, kang ora ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kudu diukum pati.


Sawuse mangkono rakyat kabeh tumuli lumebu ing omah pepundhen Baal, iku banjur karubuhake; misbyah-misbyahe lan reca-recane padha diremuki; Matan, imame Baal, dipateni ana ing sangarepe misbyah-misbyah mau.


satemah meneng-meneng atiku kenyut, lan banjur aweh cucupan tangan,


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Nuli padha kadhawuhan: “Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel mangkene: Kabeh padha nyengkelita pedhang ana ing lambungmu, palerebane padha dlajahana saka ing gapura siji terus tekan ing gapura sijine, lan saben wong matenana sadulure, kancane lan tangga-teparone!”


Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur.


He anakku, yagene kowe nganti kepencut marang wong wadon tuna-susila, lan ngrangkul dhadhane wong wadon liya?


Nabi Yeremia banjur ngandika marang Nabi Hananya: “He Hananya, mara rungokna! Kowe ora diutus dening Sang Yehuwah, malah kowe ndadekake bangsa iki ngandel marang doracara,


mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sanyata, Ingsun bakal nyirnakake sira saka ing bumi; sajrone taun iki uga sira bakal mati, marga sira wus ngajak murtad saka ngarsane Sang Yehuwah.”


Iku jalarane marga saka piala kang wus dilakoni, kang nuwuhake gerahing panggalihingSun, yaiku anggone sesaji kurban lan ngabekti marang allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, sira dhewe utawa leluhurira.


Lan saupama isih ana wong kang muncul dadi nabi, bapa-biyunge kang nganakake dheweke bakal padha nyelathoni mangkene: Kowe iku aja urip bae, marga apa kang kokucapake demi asmane Sang Yehuwah iku goroh! Bapakne lan ibune kang wus nganakake wong iku bakal banjur nyuduk anake, nalika pinuju medhar wangsit.


Mulane wiwit saiki aku ora padha mbobot sawiji-wijia wong maneh manut ukuraning manungsa. Lan manawa aku wus padha tau mbobot Sang Kristus cara kadagingan, saiki aku ora padha mbobot Panjenengane kanthi patrap mangkono maneh.


Pancen ana pandhesek saka sadulur-sadulur palsu kang padha nyusup mlebu, yaiku kang nyusup saprelu ngulat-ulatake kamardikan kita kang kita duweni ana ing Sang Kristus Yesus, supaya kanthi mangkono padha bisa ngawulakake kita.


temahan kita ora dadi bocah maneh, kang diobat-abitake dening sarupane angine piwulang, dening pratingkah nasar lan culikane manungsa kang mblasukake,


kowe padha nglakonana sakehe katetepan lan pranatan kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”


mangka pratandha utawa mukjijat kang dikandhakake marang kowe iku kelakon temenan, sarta wong mau ngucap: Payo padha ngenut marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan payo padha ngabekti marang allah iku,


iya panunggalane allahe para bangsa kang ana ing saubengmu, dadia kang cedhak utawa kang adoh karo kowe, saka poncoting bumi tekan poncoting bumi,


Wong kang kumawani ora ngestokake dhawuhe imam kang ngadhep nglakoni ayahane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, utawa marang hakim, wong iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing satengahe Israel.


Nanging nabi kang kuwanenen ngucapake pitutur atas asmaningSun, mangka dudu Ingsun kang ndhawuhi ngucapake, utawa kang duwe pitutur atas jenenge allah liyane, nabi kaya mangkono iku poma kaukuma pati.


wong iku patrapana kaya kang dadi karepe kang arep ditandukake marang sadulure. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Anak mau tumuli dibenturana watu dening sakehe wong isining kutha nganti mati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu; lan wong Israel kabeh bakal padha krungu lan padha dadi wedi.”


ing kono bocahe banjur digawaa metu menyang ing ngarepe lawanging omahe bapakne, tumuli dibenturana watu dening wong saisining kuthane, nganti mati, awit wus gawe kuceme wong Israel, dene laku jina ana ing omahe bapakne. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Wong lanang ing antaramu kang ringkih dhewe lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane bakal ewa marang sadulure, marang somahe dhewe sarta marang anak-anake kang isih kari,


Kang iku ing antaramu aja nganti ana wong lanang utawa wadon, kulawarga lan taler kang ing dina iki atine mungkur ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta marani lan ngabekti marang allahe bangsa-bangsa mau; ing antaramu iya aja nganti ana oyod kang nukulake racun utawa butrawali.


atimu aja nganti gumunggung, temah lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan;


Bab iki daklairake marang kowe, supaya aja nganti ana wong kang mblithuk kowe nganggo pitembungan kang endah.


Wis sira ngadega, bangsa iku sucekna lan dhawuhana mangkene: Padha sesucia tumeka ing dina sesuk, amarga pangandikane Pangeran Yehuwah Allahe Israel mangkene: Ing tengahira ana barang sengkeran, he Israel, sira bakal ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhira sadurunge sira padha nyingkirake barang sengkeran iku saka ing tengahira.


Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.


Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.


Kewan mau nasarake wong kang manggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan, kang wus diwenehake supaya ditindakake ana ing ngarepe si kewan kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikon dening kewan mau, supaya padha nganakake reca kanggo ngurmati si kewan kang kataton dening pedhang, nanging kang tetep isih urip iku.


banjur diuncalake menyang ing teleng, ditutup lan ing dhuwure disegel, supaya si Iblis lan si Setan iku aja nasarake para umat maneh sadurunge pundhat sewu taun mau; sawise mangkono bakal kauculake sawatara mangsa.


Wong Israel padha ndlarung nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah; padha ngabekti marang para Baal lan Asytoret, marang para allahe wong Aram, para allahe wong Sidon, para allahe wong Moab, para allahe bani Amon lan para allahe wong Filisti, padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah sarta ora ngabekti marang Panjenengane.


Mangkono anggone padha nyingkur Sang Yehuwah, sarta Baal tuwin Asytoret padha disembah.


Mulane saiki, mara wong kang tumindak dursila ana ing Gibea iku padha ulungna, arep padha dakukum pati, supaya kadursilan iku kasirnakna saka ing satengahe wong Israel!” Nanging wong Benyamin ora maelu marang pituture para sadulure wong Israel.


Nalika wong padha milih allah anyar, banjur tuwuh perang ing ngareping gapura, lan tameng utawa tumbak ora katon ana ing tengahe wong patang puluh ewu ing Israel.


Bareng wus rampung anggone Dawud munjuk marang Sang Prabu Saul, galihe Pangeran Yonatan cumanthel marang Dawud lan Pangeran Yonatan nresnani Dawud prasasat marang sarirane piyambak.


Pangeran Yonatan nganakake prajanjian karo Dawud awit dene panjenengane anggone nresnani Dawud prasasat marang sarirane piyambak.


Pangeran Yonatan mundhut sumpahe Sang Dawud maneh demi katresnane marang Pangeran Yonatan, amarga Pangeran Yonatan nresnani Sang Dawud prasat sarirane piyambak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan