Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 13:5 - Kitab Sutji

5 Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 13:5
34 Iomraidhean Croise  

Nanging wong tuwa mau nggorohi abdining Allah. Abdining Allah iku banjur bali bebarengan karo dheweke lan mangan roti lan ngombe banyu ana ing omahe.


Nabi Elia tumuli ngandika marang wong kabeh: “Cekelen nabi-nabi Baal iku, siji bae aja nganti ana kang bisa oncat.” Bareng wus padha dicekel, banjur dibekta dening Nabi Elia menyang ing kali Kison sarta kabeleh ana ing kono.


Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ana ing panggenane sarta damel prajanjian ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, manawa bakal manut marang Pangeran Yehuwah, netepi ing pepakene, pranatane lan katetepane kalawan gumolonging atine, tuwin kalawan gumolonging nyawane sarta bakal nindakake sabdaning prajanjian kang katulis ing kitab mau.


Mulane pangandikane Sang Yehuwah tumrap para nabi kang padha meca demi asmaningSun, – mangka Ingsun ora ngutus wong-wong iku, lan kang kandha: Ing kene ora bakal ketekan perang lan pailan –: Para nabi iku dhewe kang bakal tumpes dening perang lan pailan!


mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Semaya, wong ing Nekhelam iku, lan saturun-turune; kulawargane siji bae ora ana kang bakal manggon ing tengahe bangsa iki lan nyumurupi kabecikan, kang bakal Suntandukake marang umatingSun, amarga wong iku ngajak murtad saka ing ngarsane Sang Yehuwah. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Maune umatingSun kaya wedhus-wedhus kang ketriwal, padha kesasar ditogake bae dening para pangone!, diuja saba ana ing gunung-gunung, padha lumaku saka ing gunung menyang ing tengger, temah lali marang plegungane.


Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.


Lan saupama isih ana wong kang muncul dadi nabi, bapa-biyunge kang nganakake dheweke bakal padha nyelathoni mangkene: Kowe iku aja urip bae, marga apa kang kokucapake demi asmane Sang Yehuwah iku goroh! Bapakne lan ibune kang wus nganakake wong iku bakal banjur nyuduk anake, nalika pinuju medhar wangsit.


Nanging Elimas – mangkono jenenge tukang sikir mau ing basa Yunani – ngalang-alangi sarta mbudi-daya supaya Sang Gupernur aja pracaya.


Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.


Wonge dibenturana watu nganti mati, marga wus duwe pangangkah arep ndadekake murtadmu saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan.


poma wong isine kutha iku banjur padha patenana kalawan landheping pedhang; kutha iku lan saisine kabeh dalah kewane kasirnakna.


nanging wong iku poma patenana, tanganmu dhewe kang miwiti mateni dhisik, nuli tangane wong sabangsa kabeh.


wong lanang utawa wadon kang nglakoni duraka iku mau gawanen metu menyang ing gapura; wong lanang utawa wong wadon iku nuli benturana watu nganti mati.


Tangane seksi iku kang miwitana gumrageh mateni wong iku, sawuse banjur wong sabangsa kabeh. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.”


Nanging nabi kang kuwanenen ngucapake pitutur atas asmaningSun, mangka dudu Ingsun kang ndhawuhi ngucapake, utawa kang duwe pitutur atas jenenge allah liyane, nabi kaya mangkono iku poma kaukuma pati.


wong iku patrapana kaya kang dadi karepe kang arep ditandukake marang sadulure. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


ing kono bocahe banjur digawaa metu menyang ing ngarepe lawanging omahe bapakne, tumuli dibenturana watu dening wong saisining kuthane, nganti mati, awit wus gawe kuceme wong Israel, dene laku jina ana ing omahe bapakne. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Ing salebetipun kawula kaprihatosan, pisungsung sengkeran punika boten wonten ingkang kawula tedha, inggih boten wonten ingkang kawula singkiraken salebetipun kawula najis, saha ugi boten wonten ingkang kawula sukakaken kangge kaperluanipun tiyang pejah. Kawula sampun ngestokaken dhawuhipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, saha nglampahi samukawis ingkang Paduka dhawuhaken dhateng kawula.


lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane.


Kowe wedi-asiha lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan anggonmu sumpah iku demia asmane.


awitdene anakira lanang mesthi bakal didadekake nyimpang saka Ingsun, satemah padha ngabekti marang allah liyane. Manawa mangkono bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe lan kowe enggal bakal katumpes.


Nanging padha rumaketa marang Sang Yehuwah Allahmu dikaya anggonmu wus padha nglakoni nganti tumeka ing dina iki.


Si kewan tumuli kacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kang wus nindakake mukjijat ana ing ngarepe, kagawe srana nasarake wong kang wus padha nampani cirine si kewan lan padha sujud marang recane. Sakarone padha kacemplungake ing sagara geni kang murub nganggo welirang urip-uripan.


Mulane saiki, mara wong kang tumindak dursila ana ing Gibea iku padha ulungna, arep padha dakukum pati, supaya kadursilan iku kasirnakna saka ing satengahe wong Israel!” Nanging wong Benyamin ora maelu marang pituture para sadulure wong Israel.


janji kowe wedi-asih marang Sang Yehuwah ngabekti marang Panjenengane, ngrungokake pangandikane, sarta ora mbangkang marang dhawuhe Sang Yehuwah, lan kowe padha ngetutwuri Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe apadene ratu kang bakal ngereh kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan