Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 13:4 - Kitab Sutji

4 Padha manuta lan wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, padha netepana pepakene lan ngestokna dhawuhe, sarta padha ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 13:4
16 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ing sacedhake saka sarta nganakake prajanjian ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, bakal mbangun miturut marang Pangeran Yehuwah lan netepi dhawuhe, pranatan-pranatane lan katetepan-katetepane kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawa sarta bakal netepi pangandikaning prajanjian kang katulis ana ing kitab mau. Anadene rakyat kabeh padha nyengkuyung prajanjian iku.


Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ana ing panggenane sarta damel prajanjian ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, manawa bakal manut marang Pangeran Yehuwah, netepi ing pepakene, pranatane lan katetepane kalawan gumolonging atine, tuwin kalawan gumolonging nyawane sarta bakal nindakake sabdaning prajanjian kang katulis ing kitab mau.


Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.


“He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”


Sakarone padha mursid ana ing ngarsane Allah lan tansah nindakake pepakon lan pranataning Pangeran, ora ana kang luput.


Sarta kowe aja masrahake gegelitaning badanmu marang si dosa kanggo gegamaning duraka, nanging badanmu saosna marang Gusti Allah, kaya wong kang maune mati, nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmu iku saosna marang Gusti Allah, minangka gegamaning kabeneran.


Balik sing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi nunggal saroh kalawan Panjenengane.


Wedi-asiha marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane, sarta anggonmu nglairake sumpah iya demia asmane.


“Kowe kudu padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Panjenengane kanthi temen-temen, yaiku sakehe katetepane, pranatane lan pepakene.


kalawan nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ngrungokake marang pangandikane sarta rumaket marang Panjenengane; marga yaiku kang njalari uripmu lan dawane umurmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos, marang para leluhurmu yaiku: Eyang Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake.”


Kowe wedi-asiha lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan anggonmu sumpah iku demia asmane.


Kang iku kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.


temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,


Dene katresnan iku yaiku: urip kita kudu manut ing pepakone. Dene pepakon iku yaiku, kaya anggonmu wus padha krungu ing wiwitan mula, supaya kowe padha urip ana ing sajroning katresnan.


Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan