Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 13:18 - Kitab Sutji

18 Amarga kanthi patrap kaya mangkono kowe dadine ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, lan netepi sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, sarta nglakoni apa kang bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 13:18
12 Iomraidhean Croise  

mulane sira bakal Sunberkahi nganti luber lan turunira bakal Suntangkar-tangkarake cacahe nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurane mungsuhe.


Manawi makaten kawula boten badhe kawirangan, manawi kawula ngawasaken sakathahing pepaken Paduka.


Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.


Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga.


“Mulane saben wong kang ngrungokake pituturKu lan banjur dilakoni, iku kayadene wong pinter, kang ngadegake omahe ana ing padhasan.


Aja kokpangan, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha slameta, marga kowe nglakoni apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.


Gatekna temenan apa kang dakprentahake marang kowe, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha ginanjara slamet ing salawas-lawase, marga kowe nglakoni apa kang becik lan bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Kabeh kang dakprentahake marang kowe iku padha lakonana kalawan temen-temen, aja kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi.


Barang-barang rayahan mau aja ana kang tumemplek ing tanganmu, supaya mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah mendha, lan kowe diparingana piwelas lah sih-mirma, apamaneh ditangkar-tangkarna, kaya kang wus dadi prasetyane kalawan supaos marang para leluhurmu.


“Kowe iku padha putrane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe aja padha mblereki kulitmu lan aja nyukur rambutmu ing sadhuwure bathukmu marga kepaten;


Lan barang kang jember aja kokgawa lumebu ing omahmu, temah kowe uga bakal katumpes kaya iku; bab iku anggepen nistha lan najis, marga kabeh iku kudu kasirnakake.”


Sawuse iku ing dhuwure diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe kang isih nganti saprene. Mulading bebendune Sang Yehuwah banjur sirep. Mulane panggonan kono katelah lebak Akhor nganti tumeka ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan