Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 13:17 - Kitab Sutji

17 Barang-barang rayahan mau aja ana kang tumemplek ing tanganmu, supaya mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah mendha, lan kowe diparingana piwelas lah sih-mirma, apamaneh ditangkar-tangkarna, kaya kang wus dadi prasetyane kalawan supaos marang para leluhurmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 13:17
26 Iomraidhean Croise  

Ing bengi iku banjur diketingali dening Sang Yehuwah sarta dipangandikani: “Ingsun iki Allahe bapakira Abraham, sira aja wedi, marga Ingsun nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, turunira bakal Suntangkar-tangkarake, marga saka Abraham abdiningsun.”


Karomaneh Ingsun bakal ngakehake turunira kaya lintang ing langit; lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh; sarta marga saka turunira sakehe bangsa ing bumi bakal binerkahan.


Turunira bakal dadi kaya lebuning bumi lan sira bakal ngambra-ambra mangetan, mangulon, mangalor lan mangidul, sarta marga saka sira lan turunira sakehe golongan ing bumi bakal padha kaberkahan.


Tujune Panjenengane iku asipat welasan, karsa ngapura kaluputane lan ora numpes umate; malah kerep ngampah bebendune, sarta ora nggigah dedukane kabeh.


Paduka sampun ngapunten kalepatanipun umat Paduka, sakathahing dosanipun sampun Paduka tutupi. (Selah)


nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.


Punapaa dene tiyang Mesir ngantos sami badhe reraosan: Anggone ngirid wong iku arep digawe sangsara lan arep dipateni ana ing gunung lan bakal ditumpes kasirnakake saka ing bumi? Paduka mugi karsaa nyirep mulad-mulading bebendhu Paduka, saha karsaa nggetuni bab bilai ingkang badhe Paduka dhawahaken dhateng umat Paduka.


Amarga sanadyan Panjenengan maringi kaprihatinan, iya nuli paring palimirma, cundhuk karo sih-kadarmane.


Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wong-wong mau kabeh lan iku bakal dadi prajanjian kang langgeng. Ingsun bakal mberkahi wong-wong iku, bakal Sundamel tangkar-tumangkar tuwin Sunparingi papan pasuceningSun ana ing tengah-tengahe ing salawas-lawase.


Ingsun ora bakal nandukake bebenduningSun kang mulad-mulad, Efraim ora Suntumpes maneh, marga Ingsun iki Allah lan dudu manungsa, Kang Mahasuci ana ing tengahira, sarta Ingsun ora rawuh arep mbesmi.


Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sakehe lelurahe bangsa iku padha sira tangkepana, nuli padha kagantunga ana ing ngarsaning Yehuwah blak-blakan, supaya bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad iku sumingkira saka ing Israel.”


Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!


Amarga kanthi patrap kaya mangkono kowe dadine ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, lan netepi sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, sarta nglakoni apa kang bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mulihake kaananmu lan melasi marang kowe. Kowe bakal dikumpulake maneh saka ing antarane para bangsa, saka ing ngendi parane anggonmu disebar dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngirid kowe lumebu menyang nagara kang wus dadi duweke leluhurmu, nuli kowe kang bakal ndarbeni. Kowe bakal diparingi kadarman lan kadadekake tangkar-tumangkar nganti ngungkuli para leluhurmu mau.


Kowe bakal dikasihi, diberkahi lan didadekake tangkar-tumangkar. Karodene Panjenengane iya bakal mberkahi wohing wetenganmu, pametuning bumimu, gandummu lan anggurmu sarta lengamu, apadene anak-anake sapimu lan wedhusmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yen iku bakal diparingake marang kowe.


Lan barang kang jember aja kokgawa lumebu ing omahmu, temah kowe uga bakal katumpes kaya iku; bab iku anggepen nistha lan najis, marga kabeh iku kudu kasirnakake.”


Nalika Akhan bin Zerah nglakoni panerak tumrap barang tebusan, rak tumuli ana bebendu kang tumiba ing umate Israel kabeh, tur ora ngemungake wong siji iku bae kang mati marga saka dosane.”


Mung bae kowe padha dingati-ati aja nganti kalepetan, barang kang mligi kadadekake leburan, kowe aja njupuk sawijining barang leburan iku, sawuse kabeh iku padha kokmligekake, supaya ora ndadekake sirna lan bilaine pakemahaning wong Israel.


Nanging kuthane dalah saisine kabeh tumuli diobong ing geni, mung kang arupa selaka lan mas tuwin piranti tembaga lan wesi iku padha dilebokake ing pasimpenaning rajabrana ing padalemane Pangeran Yehuwah.


Ing nalika samana Sang Senapati Yusak asupaos pangandikane: “Wong kang bakal tumandang mbangun kutha Yerikho iki, kenaa ing laknat ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah; anggone masang tetalese kutha kalawan masrahake anake pambarep lan anggone ngadegake gapurane kalawan masrahake nyawane anake wuragil!”


Nanging wong Israel padha nerak kasetyane, yaiku njupuk barang-barang sengkeran mau, amarga Akhan bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah, saka taler Yehuda, njupuk barang kang kasengker iku. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang wong Israel.


Sawuse iku ing dhuwure diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe kang isih nganti saprene. Mulading bebendune Sang Yehuwah banjur sirep. Mulane panggonan kono katelah lebak Akhor nganti tumeka ing dina iki.


Kutha Ai banjur diobong dening Sang Yusak, kadadekake gempuran ing salawase, dadi papan kang suwung blung tumeka ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan