PANGANDHARING TORET 13:13 - Kitab Sutji13 Ana wong dursila kang padha jumedhul saka ing antaramu kang wus padha nasarake wong-wong ing kuthane, kalawan pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi, Faic an caibideil |
Sawuse mangkono banjur ana wong loro kang teka, yaiku wong dursila, kang lungguh arep-arepan karo Nabot. Wong dursila loro iku nuli nggugatake Nabot ana ing ngarepe rakyat, pangucape: “Nabot punika sampun ngawon-awon Gusti Allah kaliyan Sang Prabu.” Sawuse iku Nabot didhabyang menyang ing sajabaning kutha nuli dibenturi watu nganti mati.
Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.
lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane.