Ingsun bakal nguwisi tindak nistha ing tanah kono sarta para wong wadon bakal migatekake pepenget iku lan ora bakal nindakake kanisthan maneh kaya kang padha sira lakoni.
Ana wong dursila kang padha jumedhul saka ing antaramu kang wus padha nasarake wong-wong ing kuthane, kalawan pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi,
Supaya wong-wong liyane kang padha krungu wartane padha wedi, temah sabanjure ora nganti ana maneh kang nglakoni kadursilan kaya mangkono iku ana ing tengahmu.
Anak mau tumuli dibenturana watu dening sakehe wong isining kutha nganti mati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu; lan wong Israel kabeh bakal padha krungu lan padha dadi wedi.”