Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 13:11 - Kitab Sutji

11 Ing kono wong Israel kabeh bakal padha krungu temah padha wedi, temah bakal ora ana wong kang duwe pokal dursila kaya mangkono iku ana ing tengahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 13:11
11 Iomraidhean Croise  

Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Yen wong ambek memoyok kokgitik, wong kang tanpa pengalaman bakal dadi wicaksana, yen wong mawa budi kokwelehake, bakal ngrumangsani.


Yen wong ambek memoyok diukum, wong kang ora duwe pangalaman dadi wicaksana, lan yen wong wicaksana diwulang, bakal oleh kawruh.


“Wong Israel padha sira dhawuhana: Saben wong panunggalane Israel utawa bangsa liya kang manggon ana ing antarane Israel, kang ngulungake salah sijine anake marang Molokh, iku kaaukuma pati, dibenturana watu dening para umat.


Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sakehe lelurahe bangsa iku padha sira tangkepana, nuli padha kagantunga ana ing ngarsaning Yehuwah blak-blakan, supaya bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad iku sumingkira saka ing Israel.”


Saupama ana ing salah sijine kutha kang bakal diparingake Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokenggoni, kowe krungu warta mangkene:


Wong sabangsa kabeh bakal padha krungu bab iku, satemah padha wedi lan ora bakal kumawani maneh.”


Supaya wong-wong liyane kang padha krungu wartane padha wedi, temah sabanjure ora nganti ana maneh kang nglakoni kadursilan kaya mangkono iku ana ing tengahmu.


Anak mau tumuli dibenturana watu dening sakehe wong isining kutha nganti mati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu; lan wong Israel kabeh bakal padha krungu lan padha dadi wedi.”


Kang padha nglakoni dosa iku welehna ana ing ngarepe wong kabeh, supaya wong-wong liyane uga padha wedi.


Pangandikane Sang Senapati Yusak: “Kayadene anggonmu nekakake bilai marang aku kabeh, mangkono uga Sang Yehuwah ing dina iki uga ndhatengake bilai marang kowe.” Akhan tumuli kabenturan watu dening wong Israel kabeh, banjur diobong ing geni lan dikrutugi watu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan