Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 13:10 - Kitab Sutji

10 Wonge dibenturana watu nganti mati, marga wus duwe pangangkah arep ndadekake murtadmu saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 13:10
15 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono rakyat ing nagara padha lumebu menyang ing omah kabuyutane Baal kabeh, kang banjur dibubrah. Misbyah-misbyah lan reca-reca padha diremuki; Matan, imame Baal dipateni ana ing ngarepe misbyah-misbyah mau. Imam Yoyadha nuli ngangkat wong kang padha rumeksa marang padalemaning Sang Yehuwah.


Nanging nuli padha sekuthon lumawan marang panjenengane lan awit saka dhawuhe Sang Prabu banjur padha mbenturi watu panjenengane ana ing platarane padalemane Pangeran Yehuwah.


“Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.


Nuli padha kadhawuhan: “Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel mangkene: Kabeh padha nyengkelita pedhang ana ing lambungmu, palerebane padha dlajahana saka ing gapura siji terus tekan ing gapura sijine, lan saben wong matenana sadulure, kancane lan tangga-teparone!”


“Wong Israel padha sira dhawuhana: Saben wong panunggalane Israel utawa bangsa liya kang manggon ana ing antarane Israel, kang ngulungake salah sijine anake marang Molokh, iku kaaukuma pati, dibenturana watu dening para umat.


Karodene manawa ana wong lanang utawa wong wadon kang kapanjingan rohe wong mati utawa roh prewangan, iku padha kaukuma pati, padha kabenturana watu, lan getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.”


Kaya mangkono pangandika kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel; wong kang ngucapake ipat-ipat mau tumuli digawa metu saka ing palereban, sarta dibenturi watu. Dadine wong Israel padha nindakake apa kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.


wong lanang utawa wadon kang nglakoni duraka iku mau gawanen metu menyang ing gapura; wong lanang utawa wong wadon iku nuli benturana watu nganti mati.


Tangane seksi iku kang miwitana gumrageh mateni wong iku, sawuse banjur wong sabangsa kabeh. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.”


Anak mau tumuli dibenturana watu dening sakehe wong isining kutha nganti mati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu; lan wong Israel kabeh bakal padha krungu lan padha dadi wedi.”


lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane.


Pangandikane Sang Senapati Yusak: “Kayadene anggonmu nekakake bilai marang aku kabeh, mangkono uga Sang Yehuwah ing dina iki uga ndhatengake bilai marang kowe.” Akhan tumuli kabenturan watu dening wong Israel kabeh, banjur diobong ing geni lan dikrutugi watu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan