Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 13:1 - Kitab Sutji

1 Saupama ing tengahmu ana nabi utawa wong olah impen kang muncul lan aweh pratandha utawa mukjijat,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 13:1
27 Iomraidhean Croise  

Wangsulane wong tuwa mau: “Kula punika ugi nabi kados panjenengan saha margi saking dhawuhipun Pangeran Yehuwah wonten malaekat ingkang sampun ngandika dhateng kula: Wong iku jaken bali bebarengan karo sira menyang ing omahira, dimen mangan roti lan ngombe banyu.”


Nanging wong tuwa mau nggorohi abdining Allah. Abdining Allah iku banjur bali bebarengan karo dheweke lan mangan roti lan ngombe banyu ana ing omahe.


Aja nambahi pangandikane, supaya kowe aja nganti diwelehake lan kaanggep cidra.


Amarga wong-wong kang padha ngirid bangsa iki iku juru panasaran, lan wong-wong sing diirid iku dadi kisruh.


“Sanyata, nabia, imama padha dursila; ana ing padalemaningSun Ingsun uga nrenjuhi pialane. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Lah, Ingsun bakal nglawan para nabi, kang medharake impene kang goroh, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah; – lan kang padha ngandhakake iku lan nasarake umatingSun kalawan anggone goroh lan umuk. Ingsun iki ora tau ngutus lan dhawuh marang para wong iku. Wong-wong iku ora ana gunane babar pisan tumrap bangsa iki. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Dene mungguh sira kabeh, sira aja padha nggugu marang para nabinira, juru tenungira, juru mbatang impenira, juru bethekira, lan juru sikirira, kang kandha marang sira: Kowe aja padha gelem teluk marang raja ing Babil!


Marang Semaya, wong Nekhelam iku, sira kandhaa mangkene:


Sang Yehuwah wus ngangkat sira dadi imam nggenteni Imam Yoyadha, supaya sira dadi juru ngawat-awati ana ing padalemane Sang Yehuwah, supaya mbelok sadhengah wong owah kang ngaku nabi lan ngalungi rante wesi wong iku ing gulune,


Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira aja gelem diapusi dening para nabinira, kang ana ing tengahira, apadene dening para juru petungira, lan aja nggugu marang impen, kang diimpekake!


Lah, wiwit saka kang cilik nganti tumeka kang gedhe, panunggalane wong-wong iku, kabeh padha ngudi oleh bathi, dadia nabi dadia imam kabeh padha ngapusi.


mulane sira ora bakal ndeleng maneh prakara-prakara kang awujud apus-apus lan nglairake pameca-pameca kang goroh; Ingsun bakal ngluwari umatingSun saka ing tanganira tuwin sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Sabab apa kang diucapake dening terafim iku ala, lan para juru tenung iku wahyune goroh, dene impen-impen kang dikandhakake iku kothong, tuwin tanpa paedah panglipure. Mulane bangsa iku nglembara kaya pepanthan wedhus, lan nandhang sangsara marga ora ana pangone.


Sarta ing wektu iku para kang ngaku-aku nabi bakal padha kawirangan marga saka wahyune samangsa medhar wangsit, sarta ora ana maneh kang manganggo jubah wulu kagawe ngapusi,


Lan maneh bakal akeh nabi palsu kang muncul lan nasarake wong pirang-pirang.


Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasarake para wong pilihan uga.


“Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak.


Sabab bakal ana kristus-kristus lan nabi-nabi palsu kang jumedhul lan kang nganakake pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepe, yen bisa arep nasarake para pepilihan.


Bilai kowe, manawa wong kabeh padha ngalembana marang kowe, awit iya kaya mangkono iku panggawene para leluhure marang para nabi palsu.”


Nanging nabi kang kuwanenen ngucapake pitutur atas asmaningSun, mangka dudu Ingsun kang ndhawuhi ngucapake, utawa kang duwe pitutur atas jenenge allah liyane, nabi kaya mangkono iku poma kaukuma pati.


“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.


Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.


Tekane si pangawak duraka iku marga saka panggawening Iblis, tuwin bakal kinanthenan kasekten warna-warna sarta pratandha-pratandha apadene mukjijat-mukjijat palsu;


Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.


Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan