PANGANDHARING TORET 12:8 - Kitab Sutji8 Aja padha duwe pratingkah kaya kang padha kita lakoni ana ing kene ing dina iki, yaiku saben wong padha nindakake kang diwawas bener. Faic an caibideil |
Tampar mau dadia pepeling marang sira, supaya samangsa sira padha ndeleng iku, sira padha elinga marang sakehe pepakene Sang Yehuwah, sarta padha sira estokna, aja nganti nuruti atinira lan pamawasing mripatira maneh, kaya kang wus kerep sira tindakake, yaiku anggonira ora setya marang Pangeran Yehuwah.
Gusti Allah lajeng mengkeraken tiyang-tiyang wau saha dipun umbar anggenipun sami nyembah dhateng ing wadya-balaning langit, kados ingkang sampun kaseratan wonten ing kitabipun para nabi makaten: Apa sira tau nyaosake kurban sembelehan lan pisungsung marang Ingsun, sajrone patang puluh taun ana ing ara-ara-samun, heh turune Israel?