Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:6 - Kitab Sutji

6 Kowe padha mranaa ngladekna kurbanmu obaran lan kurbanmu sembelehan sarta pisungsungmu prasepuluhan lan pisungsungmu mligi, pisungsung punagi lan pisungsungmu manasuka, apadene pembareping sapi lan wedhusmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:6
22 Iomraidhean Croise  

Sabanjure Kore bin Yimna, sawijining wong Lewi, dadi jaga gapura wetan, niti-priksa pisungsung-pisungsung manasuka kagem Gusti Allah, sarta ngedum-edum pisungsung-mligi kang kagem Pangeran Yehuwah lan pisungsung-pisungsung suci pinunjul.


Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ing wayah bengi ngatingal marang Sang Prabu Suleman lan ngandika marang panjenengane mangkene: “Pandonganira wus Sunpiyarsakake sarta panggonan iki wus Sunpilih kagem Ingsun minangka dalem pangorbanan.


Imam Yesua, putrane Imam Yozadak kanthi sadulure para imam, karo Sang Zerubabel putrane Sang Sealtiel karo para sadhereke banjur padha tumandang mbangun misbyah, kagungane Gusti Allahe Israel, kanggo nyaosake kurban obaran, condhong karo kang wus kapacak ana ing Torete Nabi Musa, abdining Allah.


Mangkono uga anakku lanang pembarep lan anaking kewanku lanang pembarep bakal padha daksaosake marang ing padalemaning Allahku, yaiku marang para imam, kang nganakake kebaktian ana ing padalemaning Allahku, kaya kang katulisan ana ing kitab Toret. Uga pedhet-pedhetku lan cempe-cempeku kang pembarep.


Amarga wong Israel lan wong Lewi kudu nggawa pisungsung mligi kang arupa gandum, anggur lan lenga menyang ing kamar-kamar mau. Ing kono ana piranti-piranti papan pasucen, uga panggonane para imam kang nganakake pangibadah, apadene para jaga gapura lan pasindhen. Aku ora bakal padha ngedhagake padalemane Allahku.


Paduka badhe kawula saosi kurban pamuji sokur, saha badhe nyebut asmaning Sang Yehuwah.


Amarga ing gunungingSun kang suci, ing gununge Israel kang dhuwur, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – ana ing kono, iya ana ing tanah kono iku, turune Israel kabeh bakal padha ngabekti marang Ingsun. Ana ing kono Ingsun bakal karenan marang sira tuwin ana ing kono Ingsun bakal mundhut marang sira kurbanira kang mligi lan pisungsungira pepilihan, kabeh kang padha sira sucekake.


Manawa sesaosane iku kurban obaran arupa sapi, kudu lanang kang tanpa cacad. Anggone nyaosake iku ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, supaya ndadekna keparenging panggalihe Pangeran Yehuwah.


Sira padha nggawaa pisungsung prasepuluhan kabeh menyang ing gedhong parawatan, supaya ing padalemaningSun anaa tandhon pangan; tumuli Ingsun titi-priksanen, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – apa sira ora Sunwengani inebe langit, sarta apa Ingsun ora ngesoki berkah marang sira nganti luber?


Apa kena manungsa ngapusi Gusti Allah, kaya anggonira ngapusi Ingsun? Ewasamono unjukira: “Anggen kawula sami ngapusi Paduka kadospundi patrapipun?” Tumrap pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi.


Nanging bilai kowe, heh, para wong Farisi, amarga kowe padha mbayar pra sapuluhan kanggo majegi godhong merdinah, inggu lan sawarnane jejanganan, nanging kowe padha nglirwakake kaadilan lan katresnaning Allah. Sing siji kudu dilakoni, lan sijine aja dilirwakake.


Kawula siyam kaping kalih saminggu. Sadaya pamedal kawula, kawula pisungsungaken sapradasanipun.


Mungguh pisungsung prasepuluhane gandum, anggurmu sarta lengamu, apamaneh pembarepe sapimu lan wedhusmu, iku aja kokpangan ana ing panggonanmu, mangkono uga kurban kang bakal kokpunagekake, apadene pisungsungmu manasuka, utawa pisungsung sesaosanmu kang mligi.


kowe banjur njupuka wiwitaning pametuning bumi kang wus kokklumpukake saka ing palemahanmu peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku wadhahana ing kranjang, banjur gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


namung supados misbyah punika dados seksi ing antawisipun kula kaliyan panjenengan sarta ing antawisipun turun kita ing sapengker kita, bilih kula badhe sami tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah wonten ing ngarsanipun mawi kurban obaran, kurban sembelehan, saha kurban kula kawilujengan; supados putra wayah panjenengan ing benjing sampun ngantos wonten tembungipun dhateng anak putu kula: Kowe padha ora duwe panduman ing ngatase Sang Yehuwah.


Elkana, kang lanang mau, nuli munggah dalah sakulawargane nyaosake kurban sembelehan taunan lan ngluwari nadare marang Sang Yehuwah.


Sawuse wong wadon iku nyapih anake, anake iku banjur diajak, kanthi nggawa sapi lanang kang umur telung taun, glepung saefa, lan anggur saimpes, iku banjur disaosake menyang ing padalemane Sang Yehuwah, ing Silo. Ing wektu semana bocahe isih cilik banget.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan