Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:32 - Kitab Sutji

32 Kabeh kang dakprentahake marang kowe iku padha lakonana kalawan temen-temen, aja kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:32
9 Iomraidhean Croise  

sarta pranatan-pranatan, tatanan-tatanan, angger-angger lan dhawuh-dhawuh kang wus diserat kanggo sira kabeh, iku padha sira gatekna tuwin tansah padha sira lakonana kalawan setya, apadene aja padha ngabekti marang allah liyane.


Aja nambahi pangandikane, supaya kowe aja nganti diwelehake lan kaanggep cidra.


Sang Yehuwah ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, waspadakna kang temenan, delengen kalawan tliti lan rungokna kalawan terwaca samubarang kabeh kang bakal Sunpangandikakake marang sira bab pranatan-pranataning Padalemane Sang Yehuwah lan sakehing angger-anggere sarta gatekna temenan sapa kang diparingake lumebu tuwin sapa kang kudu kabalekake saka ing papan suci iku.


apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”


Amarga kanthi patrap kaya mangkono kowe dadine ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, lan netepi sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, sarta nglakoni apa kang bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


– anggere kowe nglakoni pepakon iki kalawan temen-temen, iya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, apamaneh nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tansah ngambah dalan pitedahe –, kutha telu mau banjur wuwuhana telu maneh,


Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.


Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan