PANGANDHARING TORET 12:30 - Kitab Sutji30 banjur dingati-ati, supaya sawuse padha katumpes saka ing ngarepmu, kowe aja nganti kena ing kalajiret lan banjur niru wong-wong iku; kowe aja nakokake bab allahe kalawan pangucapmu: Kapriye bangsa iki anggone padha ngabekti marang allahe? Aku iya padha daktumindak mangkono. Faic an caibideil |
Padha nampik pranatane lan prajanjiane, kang wus dianakake kalawan para leluhure, uga ora maelu marang pepengeting Sang Yehuwah kang wus ngengetake marang dhawuh-dhawuhe, padha ngetut-buri dewa kang tanpa guna, dadine padha niru para bangsa ing saubenge, sanadyan Pangeran Yehuwah wus dhawuh: Aja padha tumindak kaya bangsa-bangsa iku.
Amarga sawuse padha Sunbekta menyang nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos bakal Sunparingake marang wong-wong mau, nuli padha tumenga marang saben tengger kang dhuwur lan marang saben wit-witan kang pange ngrembuyung sarta banjur padha nganakake kurban sembelehan tuwin nggawa sesajene kang gawe gerahing panggalihingSun, uga padha nyawisake sesajen kang arum ana ing kana lan ngesokake kurban omben-omben.