Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:3 - Kitab Sutji

3 Misbyah-misbyahe padha rubuhna, tugu-tugune brahala padha remuken lan saka-sakane brahala padha obongen, reca-recane allahe, padha leburen, sarta jenenge padha sirnakna saka ing kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:3
25 Iomraidhean Croise  

Sasampunipun makaten Sang Yehuwah lajeng badhe ngrangket tiyang Israel, ngantos sempoyongan kados glagah wonten ing toya, saha badhe kabedhol saking ing siti ingkang sae, ingkang sampun kaparingaken dhateng leluhuripun punika, lajeng badhe kasebar wonten ing sabrangipun benawi Efrat, amargi sampun sami damel saka-saka brahala sarta amargi saking makaten lajeng damel gerahing panggalihipun Pangeran Yehuwah.


Malah Sang Putri Maakha, kang eyang putri, kalungsur pangkate anggone jumeneng ibusori, jalaran yasa reca Asyera kang nistha. Reca kang nistha iku kaebrukake dening Sang Prabu Asa lan kaobong ana ing lebake kali Kidron.


Sawuse mangkono rakyat ing nagara padha lumebu menyang ing omah kabuyutane Baal kabeh, kang banjur dibubrah. Misbyah-misbyah lan reca-reca padha diremuki; Matan, imame Baal dipateni ana ing ngarepe misbyah-misbyah mau. Imam Yoyadha nuli ngangkat wong kang padha rumeksa marang padalemaning Sang Yehuwah.


Iya panjenengane iku kang nyingkirake tengger-tengger pangurbanan lan kang nggempuri tugu-tugu brahala, kang ngethoki saka-saka brahala sarta kang ngremuk ula tembaga damelane Nabi Musa, amarga nganti tumeka ing dina iku wong Israel pancen isih padha ngobong kurban kanggo ula iku; ula iku dijenengake Nehustan.


Tugu-tugu brahala padha diremuki lan saka-saka brahala padha dirubuhake sarta papan-papan ing kono nuli kaurugan ing balung manungsa.


Anadene Sang Prabu Asa iku nindakake apa kang becik lan bener ana ing paningaling Yehuwah Gusti Allahe.


Misbyah-misbyah asing lan tengger-tengger pangurbanan padha kasingkirake, tugu-tugu brahala padha digempuri, sarta saka-saka brahala padha disirnakake.


Nanging taksih wonten bab-bab ingkang sae ingkang pinanggih wonten ing paduka, amargi paduka nyingkiraken tugu-tugu brahala saking ing nagari punika saha ngupadosi Gusti Allah kalayan temen-temen.”


Bareng samubarang kabeh wus rampung, wong Israel kang ana ing kono kabeh padha mider-mider ing kutha-kutha ing tanah Yehuda, banjur padha ngrusak sakehe tugu brahala, nyirnakake sakehe saka brahala lan ngrubuhake sakehe tengger pangurbanan lan misbyah ing satanah Yehuda lan Benyamin kabeh, uga kang ana ing Efraim lan Manasye, nganti sirna kabeh. Sawuse mangkono wong Israel kabeh banjur padha mulih menyang ing kutha-kuthane, menyang ing ebeke dhewe-dhewe.


Ing taun kang kaping wolune paprentahane, nalika panjenengane isih timur, panjenengane wiwit ngupadi marang Gusti Allahe Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ing taun kang kaping rolas Sang Prabu wiwit ngresiki kanajisaning Yehuda lan Yerusalem yaiku nyingkirake tengger-tengger pangurbanan, tugu-tugu brahala, reca-reca tatahan lan reca-reca cithakan.


Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng; kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken; namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula.


“Sira diprayitna ing bab sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira: sira aja nyebut jenenge allah liyane, jenenge aja nganti keprungu saka ing cangkemira.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang allahe lan aja niru panggawene, malah padha sira sirnakna babar pisan reca-reca brahala gegaweane.


Malah misbyah-misbyahe padha sira rubuhna, tugu-tugune brahala padha sira remukana, kayu-kayu pepundhene sira tegorana.


Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan, lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake: banjur gawe sakehe watuning misbyah kayadene watu gamping kang kapecah-pecah, satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.


minangka pepeling tumrap para wong iku! – Misbyah-misbyahe lan sesakaning brahalane pancen ana ing sandhinging wit kang nggrembel, ana ing tengger kang dhuwur,


Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang, apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi. Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi, tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.


Wasana para bangsa kang ora ngestokake dhawuhingSun, bakal Sunwales kalawan bebendu lan bramatya.


Iya ing wektu iku – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi – Ingsun nyirnakake jenenge sakehe brahala saka ing nagara iku, nganti wong-wong padha ora eling marang iku maneh. Dalah para wong kang ngaku-aku nabi sarta roh reged bakal Sunbuwang saka ing nagara kono.


wong kang manggon ing kono nuli padha sira tundhungana kabeh saka ing ngarepira, lan sakehe watu ukir-ukirane padha sira sirnakna, karodene sakehe reca cithakan iya padha sira gempurana, dalah sakehe tengger pepundhene padha sira bubrahana.


Aja kaya mangkono tandukmu marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Reca-recane allahe padha obongen nganti entek, salaka lan mase aja kokmeliki lan aja kokepek dhewe, supaya kowe aja nganti kena kala; awitdene iku jember mungguh ing ngatase Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Nanging bangsa-bangsa iku padha etrapana mangkene: Misbyahe padha rubuhna, lan tugu-tugune brahala padha remukana, saka-sakane brahala padha sirnakna, lan reca-recane padha kaobonga nganti entek.


Sabanjure aku weruh ana kewan njedhul saka sajroning sagara, sungune sapuluh lan endhase pitu; pucuking sungune ana makuthane sapuluh, lan ing endhase ana cirine jeneng panyenyamah.


nanging sira iku aja gawe prajanjian karo wong ing tanah kene, misbyahe malah bubrahana. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun. Kapriye dene sira kok padha mangkono?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan