Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:29 - Kitab Sutji

29 “Besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus numpes saka ing ngarepmu, bangsa-bangsa kang tanahe kokparani bakal kokejegi sarta manawa kowe wus kelakon padha ngejegi dhaerahe lan manggon ing nagarane;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:29
8 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah cocog karo panggawene nistha para bangsa kang wus ditundhungi dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.


para bangsa padha ditundhung saka ing ngarepane umat, tanah pusaka iku diedum-edum nganggo tali ukuran, sarta sakehing talere Israel padha didhawuhi ngenggoni tarub-tarube.


Ingsun bakal ngutus malaekatingSun tindak ana ing ngarepira, sarta ngirid lakunira menyang ing tanahe bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Kanaan, bangsa Hewi lan bangsa Yebus, lan para bangsa iku bakal Suntumpes.


banjur dingati-ati, supaya sawuse padha katumpes saka ing ngarepmu, kowe aja nganti kena ing kalajiret lan banjur niru wong-wong iku; kowe aja nakokake bab allahe kalawan pangucapmu: Kapriye bangsa iki anggone padha ngabekti marang allahe? Aku iya padha daktumindak mangkono.


“Besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus numpes bangsa-bangsa kang nagarane diparingake marang kowe dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe wus ngejegi wilayahe lan padha ngenggoni kutha-kuthane lan omah-omahe,


Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.


Mangkono dadine saindenging nagara iku diparingake Sang Yehuwah marang wong Israel, yaiku nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos, yen bakal diparingake marang para leluhure, iya banjur kelakon diejegi lan dienggoni.


Dieling, tlatahe sakehing para bangsa kang isih kari iku wus dakpandumake marang taler-talermu srana kaundhi dadi warisanmu wiwit ing bengawan Yarden, – padha uga kaya sakehing bangsa kang wus daktumpes ing waktu iku, – nganti tutug ing Segara Gedhe ing papan suruping srengenge.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan