Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:27 - Kitab Sutji

27 kurbanmu obaran, iya daging tekan getihe, padha olahen ana ing misbyahe Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, dene getihe kurbanmu sembelehan iku kaesokna ing misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nanging daginge kena kokpangan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:27
7 Iomraidhean Croise  

Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Kurbanira obaran kanthekna kurbanira sembelehan lan panganen daginge!


Jeroan lan pupune kudu dikumbah, banjur kabeh disaosna lan diobonga dening imam ana ing misbyah: iku kurban obaran, kurban genenan kang gandane damel renane panggalihe Sang Yehuwah.


Sawuse mangkono banjur nyembeleha sapine ana ing ngarsaning Yehuwah; para anake Harun, imam-imam mau nyaosna getihe sapi mau lan disiramna ing sakubenge misbyah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.


Nanging jeroane lan pupune kudu dikumbah, banjur diobonga kabeh dening imam ana ing misbyah minangka kurban obaran, minangka kurban genenan kang gandane damel renane Pangeran Yehuwah.


Marga nyawane angger daging iku ana ing getihe, sarta anggoningSun maringake getih marang sira ana ing misbyah iku supaya dadia sarananing pirukun tumrap nyawanira, awitdene getih iku ngolehake pirukun sarana nyawa.


“Manawa sesaosane arupa kurban slametan, mangka kang kasaosake iku arupa sapi, dadia lanang utawa wadon, iku kudu kang tanpa cacad kang disaosake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.


Imam tumuli ndulita getihe sathithik dileletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran, getih turahane banjur diesokna kabeh ana ing sikile misbyah kurban obaran.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan