PANGANDHARING TORET 12:26 - Kitab Sutji26 Balik pisungsungmu kang suci lan pisungsungmu punagi iku padha gawanen menyang ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah; Faic an caibideil |
Sakehe pisungsung-mligi sengkeran kang padha dipisungsungake dening wong Israel marang Pangeran Yehuwah, iku Sunparingake marang sira dalah saanak-anakira lanang lan wadon, minangka pranatan kang kanggo ing salawase, iku prajanjian kang mawa uyah kanggo ing salawase ana ing ngarsane Sang Yehuwah kanggo sira dalah saturunira.”
kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.
Manawa panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem njejegake asmane iku kadohan saka panggonanmu, kowe kepareng nyembeleh panunggalane sapimu lan wedhusmu peparinge Sang Yehuwah marang kowe, kaya kang dakprentahake marang kowe, sarta mangana daginge ana ing panggonanmu ing sasenenging atimu.