Mulane sira tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha mangan daging sagetihe, sira uga tansah padha tumenga marang para brahalanira tuwin sira padha ngwutahake getih – apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki?
“Sadhengah wong turune Israel lan panunggalane bangsa liya kang manggon ana ing tengahe, kang mangan sadhengaha getih, iku bakal Sunlawan sarta Suntumpes saka ing satengahe bangsane.
Marga nyawane angger daging iku ana ing getihe, sarta anggoningSun maringake getih marang sira ana ing misbyah iku supaya dadia sarananing pirukun tumrap nyawanira, awitdene getih iku ngolehake pirukun sarana nyawa.
Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.”
Prayoginipun kita kintun serat dhateng sadherek-sadherek punika, supados sami nyirik tetedhan ingkang sampun kajemberaken dening brahala, saha nebihi lampah jina, punapadene nyirik dagingipun kewan tetakan tuwin rah.
Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,
Bab iku nuli diaturake marang Sang Prabu Saul, unjuke: “Kauningana, rakyat sami lampah dosa wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, inggih punika anggenipun nedha dalah saerahipun.” Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Kowe padha laku cidra, padha ngglundhungna watu gedhe mrene, saiki uga.”