Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:21 - Kitab Sutji

21 Manawa panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem njejegake asmane iku kadohan saka panggonanmu, kowe kepareng nyembeleh panunggalane sapimu lan wedhusmu peparinge Sang Yehuwah marang kowe, kaya kang dakprentahake marang kowe, sarta mangana daginge ana ing panggonanmu ing sasenenging atimu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:21
13 Iomraidhean Croise  

Anadene Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman, iku kang ngasta paprentahan ing Yehuda. Nalika jumeneng ratu iku Sang Prabu Rehabeam yuswane patang puluh siji taun sarta pitulas taun anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem, kutha kang kapilih dening Pangeran Yehuwah saka ing antarane taler Israel kabeh kagem nglestarekake asmane ana ing kono. Dene kang ibu asmane Naama, putri bangsa Amon.


Sang Prabu Rehabeam iku ngatingalake santosane anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem. Sang Prabu Rehabeam yuswa patang puluh taun nalika jumeneng ratu, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase pitulas taun, ana ing kutha kang pinilih dening Pangeran Yehuwah saka ing antarane sakehe suku Israel, kagem padunungane asmane. Kang ibu asma Naama, putri bangsa Amon.


Anadene Gusti Allah kang wus ngarsakake asmane dedalem ana ing kono iku, muga ngrebahna sadhengaha ratu lan sadhengaha bangsa kang kumlawe tangane sumedya nerak putusan iki, lan ngrusak padalemaning Allah kang ana ing Yerusalem iku. Ingsun Dharius, kang ngundhangake dhawuh iki. Poma iku kaestokna temenan.”


Ingsun sira gawekna misbyah lemah, sira anggoa nyaosake kurban obaranira lan kurban kaslametanira apadene wedhusira lan sapinira. Ing saben panggonan kang Sunpilih dadi pangeling-eling marang asmaningSun, Ingsun bakal rawuh lan mberkahi sira.


kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.


Ewadene kowe kena bae nyembeleh lan mangan daging ing sasenengmu dhewe, mawa-mawa berkah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ana ing sakehe panggonanmu. Wong kang najis lan kang ora najis padha kena mangan iku, kaya yen mangan daging kidang utawa menjangan;


Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing tembe wus ngelar tlatahing tanahmu, kaya kang wus dadi pangandikane marang kowe, mangka kowe nuli duwe osik: Aku arep mangan daging, marga kowe kepengin mangan daging, iya mangana dading ing sasenenging, atimu.


Nanging pamanganmu iku dikaya yen mangan daginge kidang utawa menjangan. Wong kang najis lan kang ora najis padha kena mangan.


Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.


Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


Nanging anaa ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane, ana ing kono anggonmu nyembeleh Paskah lan ing wayah sore, bareng karo suruping srengenge, mbarengi wektu budhalmu saka ing tanah Mesir.


kowe banjur njupuka wiwitaning pametuning bumi kang wus kokklumpukake saka ing palemahanmu peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku wadhahana ing kranjang, banjur gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan