Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:20 - Kitab Sutji

20 Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing tembe wus ngelar tlatahing tanahmu, kaya kang wus dadi pangandikane marang kowe, mangka kowe nuli duwe osik: Aku arep mangan daging, marga kowe kepengin mangan daging, iya mangana dading ing sasenenging, atimu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:20
24 Iomraidhean Croise  

Turunira bakal dadi kaya lebuning bumi lan sira bakal ngambra-ambra mangetan, mangulon, mangalor lan mangidul, sarta marga saka sira lan turunira sakehe golongan ing bumi bakal padha kaberkahan.


Lah saikine, manawa kowe pancen kudu lunga, awit saka kangenmu marang omahe bapakmu, geneya kowe nyolong dewa-dewaku?”


Sang Prabu wus lilih dukane marang Pangeran Absalom, amarga sungkawane jalaran saka sedane Pangeran Amnon wus lipur.


Sang Prabu Dawud katuwuhan pepenginan lan ngandika: “Bok ana wong aweh banyu ngombe marang aku saka sumur ing Betlehem sacedhake gapura.”


Rama Yabes iku nyebat marang Gusti Allahe Israel, unjuke: “Paduka mugi karsaa paring berkah dhumateng kawula ingkang ngantos luber saha mugi karsaa njembaraken dhaerah kawula, punapa dene mugi asta Paduka nganti kawula saha karsaa nebihaken kawula saking kasangsaran, satemah kawula lajeng boten katempuh ing sesakit!” Anadene Gusti Allah karsa ngabulake panyuwune iku.


awitdene Pangeran karsa maregi nyawane wong kang kasatan, sarta nyawa kang kaluwen kawaregan ing kabecikan.


Dhuh Yehuwah, pangluwaran peparing Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, saha angger-angger Paduka dados kabingahan kawula.


Manah kawula rempu margi saking anggen kawula tansah kangen dhumateng sarak Paduka.


saestu ingkang kawula kangeni punika pepaken Paduka; kawula mugi Paduka gesangaken kalayan kaadilan Paduka.


Masmur anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing pasamunan Yahuda.


Iba anggenipun nengsemaken padaleman Paduka, dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah.


Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.


awitdene Ingsun bakal nundhungi bangsa-bangsa saka ing ngarepira sarta ngelar jajahanira. Lan ora ana bangsa kang bakal melik ngebeki tanahira, angger sira tetep seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahira setaun rambah kaping telu.


nanging nganti sesasi muput, nganti metu saka ing irungmu lan nganti kowe padha unek-uneken, marga kowe wus padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah kang ana ing tengahmu sarta padha nangis ana ing ngarsane kanthi pangucapmu: Apa ta prelune aku padha metu saka ing tanah Mesir?”


Awit saka iku panggonan kono katelah aran: Kibrot-Taawa, marga ana ing kono anggone padha ngubur wong-wong kang srakah.


Anadene wong rucah kang ana ing antarane padha kathukulan budi srakah, temahan wong Israel banjur katut nangis maneh, pangucape: “Sapa kang bakal menehi daging marang aku?


Sarta maneh kowe iya padha didongakake lan dikangeni marga saka sih-rahmate Gusti Allah kang lumuber marang kowe.


Saben panggonan kang kokambah iku bakal dadi duwekmu, wiwit saka ing pasamunan nganti tumeka ing pagunungan Libanon, lan saka ing bengawan, yaiku bengawan Efrat, tumeka ing sagara sisih kulon, iku bakal dadi tlatahmu.


Ewadene kowe kena bae nyembeleh lan mangan daging ing sasenengmu dhewe, mawa-mawa berkah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ana ing sakehe panggonanmu. Wong kang najis lan kang ora najis padha kena mangan iku, kaya yen mangan daging kidang utawa menjangan;


Manawa panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem njejegake asmane iku kadohan saka panggonanmu, kowe kepareng nyembeleh panunggalane sapimu lan wedhusmu peparinge Sang Yehuwah marang kowe, kaya kang dakprentahake marang kowe, sarta mangana daginge ana ing panggonanmu ing sasenenging atimu.


Karodene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing tembe wus ngelar jajahanmu, kaya kang wus dadi prasetyane kanthi supaos marang para leluhurmu, sarta kowe wus diparingi sakehe tanah kang wus diprasetyakake marang para leluhurmu iku mau;


Awit Gusti Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowe kabeh kalawan sih-katresnane Sang Kristus Yesus.


Awit banget kangene marang kowe kabeh lan uga prihatin marga kowe krungu anggone lara.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan