Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:2 - Kitab Sutji

2 Sadhengah panggonan, kang bakal kokejegi, kang dienggoni dening bangsa kang ngabekti marang allahe, iku padha gempuren kabeh, iya kang ana ing gunung-gunung kang dhuwur lan ing tengger-tengger apadene ing sangisore saben wit kang nggrembel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:2
22 Iomraidhean Croise  

Awit iya padha ngedegake papan-papan pangurbanan lan tugu-tugu brahala tuwin saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit kang ngrembuyung.


Mung bae bangsa iku anggone nyaosake kurban isih ana ing tetengger pangurbanan, amarga nganti ing wektu iku asmane Sang Yehuwah durung diyasakake padaleman.


Sawuse mangkono rakyat ing nagara padha lumebu menyang ing omah kabuyutane Baal kabeh, kang banjur dibubrah. Misbyah-misbyah lan reca-reca padha diremuki; Matan, imame Baal dipateni ana ing ngarepe misbyah-misbyah mau. Imam Yoyadha nuli ngangkat wong kang padha rumeksa marang padalemaning Sang Yehuwah.


Panjenengane sesaji lan mbesmi kurban ana ing tengger-tengger pangurbanan lan ing panggonan-panggonan kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit-witan kang ngrembuyung.


Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing sawetane Yerusalem, ing sakidule tengger Karusakan, kang kaedegake dening Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kanggo Asytoret, dewaning kanisthan, sesembahane wong Sidon, kanggo Kamos, dewaning kanisthan, sesembahane wong Moab, lan kanggo Milkom, dewaning kanisthan, sesembahane wong Amon, iku iya kanajisake dening Sang Prabu.


padha gawe gerahing penggalihe Gusti Allah sarana tengger-tengger papang pangurbanane, sarta ndadekake bentering penggalihe marga saka reca-recane.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang allahe lan aja niru panggawene, malah padha sira sirnakna babar pisan reca-reca brahala gegaweane.


Lan manawa sira matur marang ingsun: Ingkang sami kawula andelaken punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake dening Hizkia kalawan pratela marang Yehuda lan Yerusalem: Sira kabeh kudu sujud lan nyembah ing ngarepe misbyah iki!


minangka pepeling tumrap para wong iku! – Misbyah-misbyahe lan sesakaning brahalane pancen ana ing sandhinging wit kang nggrembel, ana ing tengger kang dhuwur,


Amarga wiwit biyen mula anggonira mutungi pasanganira lan medhoti talining cancanganira, sarta kandha: Aku emoh ngawula maneh. Malah ana ing saben tetengger kang munggul, lan ana ing sangisoring wit kang ngrembuyung, sira teturon lan laku jina.


Mung bae sira ngakonana dosanira, manawa sira wus cidra marang Sang Yehuwah, Gusti Allahira, lan wus ngesokake katresnanira marang para wong ngamanca ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel, lan ora nilingake suwaraningSun!, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Tumengaa marang tengger-tengger kang mblindhis lan sawangen! Ana ing ngendi sira ora tau diajak sapaturon? Ana ing pinggir ratan-ratan sira lungguh ngadhang bedhangan, kaya wong Arab ana ing ara-ara samun. Sira wus najisake nagara kalawan anggonira laku jina lan kalawan pialanira.


Sang Yehuwah ngandika marang aku, nalika jumenenge Sang Prabu Yosia: “Apa sira wus nyipati apa kang dilakoni Israel, wong wadon murtad iku, kang munggah menyang ing angger gunung kang munggul lan menyang ing sangisore saben wit kang nggrembel, nuli laku jina ana ing kono?


Padha saos kurban ana ing pucake gunung-gunung, lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger, ana ing ayome wit elon, wit libnah sarta wit elah, awit iku ayome katon apik. Yaiku kang njalari anakira wadon padha laku jina, lan mantumu wadon padha dadi wanita tuna-susila.


Kacarita esuke Bileam kabekta munggah dening Sang Prabu Balak menyang ing pagunungan Baal; saka ing kono pungkasaning palerebane bangsa Israel bisa katon.


Nanging bangsa-bangsa iku padha etrapana mangkene: Misbyahe padha rubuhna, lan tugu-tugune brahala padha remukana, saka-sakane brahala padha sirnakna, lan reca-recane padha kaobonga nganti entek.


nanging sira iku aja gawe prajanjian karo wong ing tanah kene, misbyahe malah bubrahana. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun. Kapriye dene sira kok padha mangkono?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan