Kajaba iku aku uga sumurup, yen para wong Lewi padha ora diwenehi cadhonge, temahan para wong Lewi mau dalah para pasindhen kang padha nduweni kawajiban dhewe-dhewe iku wus padha oncat lunga menyang ing bumine dhewe-dhewe.
Kowe nuli padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dhewe, iya anak-anakmu lanang lan wadon, batur-baturmu lanang lan wadon, dalah wong Lewi kang dedunung ana ing panggonanmu, marga iku ora melu nduweni tanah pusaka ing tengahmu.