PANGANDHARING TORET 12:17 - Kitab Sutji17 Mungguh pisungsung prasepuluhane gandum, anggurmu sarta lengamu, apamaneh pembarepe sapimu lan wedhusmu, iku aja kokpangan ana ing panggonanmu, mangkono uga kurban kang bakal kokpunagekake, apadene pisungsungmu manasuka, utawa pisungsung sesaosanmu kang mligi. Faic an caibideil |
kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.
“Samangsa kowe wus rampung anggonmu njupuk sakehe pisungsung prasepuluhan pametuning palemahanmu ing taun kang kaping telu, yaiku taun pisungsung prasepuluhan, iku banjur wenehna marang wong Lewi, wong bangsa liya kang neneka sarta marang bocah lola lan randha, supaya iku mau padha bisaa mangan nganti wareg ana ing panggonanmu.
Ing salebetipun kawula kaprihatosan, pisungsung sengkeran punika boten wonten ingkang kawula tedha, inggih boten wonten ingkang kawula singkiraken salebetipun kawula najis, saha ugi boten wonten ingkang kawula sukakaken kangge kaperluanipun tiyang pejah. Kawula sampun ngestokaken dhawuhipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, saha nglampahi samukawis ingkang Paduka dhawuhaken dhateng kawula.