Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 12:16 - Kitab Sutji

16 mung getihe aja nganti padha kokpangan, iku esokna ing bumi kayadene banyu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 12:16
15 Iomraidhean Croise  

mung daging kang isih ana nyawane, iya iku getihe, iku aja sira pangan.


Amarga getih kang kailekake isih ana ing tengahe; anggone ngwutahake ana ing gunung parang kang gundhul. Ora kaesokake ing lemah, dimen kurugan ing lebu.


Mulane sira tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha mangan daging sagetihe, sira uga tansah padha tumenga marang para brahalanira tuwin sira padha ngwutahake getih – apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki?


Sira aja mangan sadhengah apa kang isih ana getihe. Sira aja padha nindakake ngelmu petungan utawa pameca.


Iki pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun ana ing ngendi-endia dunungira: poma sira aja pisan-pisan mangan gajih lan getih.”


Prayoginipun kita kintun serat dhateng sadherek-sadherek punika, supados sami nyirik tetedhan ingkang sampun kajemberaken dening brahala, saha nebihi lampah jina, punapadene nyirik dagingipun kewan tetakan tuwin rah.


Sami nyirika sesajening brahala, rah saha daging kewan tetakan, punapadene lampah jina. Punika sadaya manawi sami panjenengan singkiri, panjenengan sampun tumindak sae. Namung samanten, mugi sami ginanjar wilujeng.”


Iku kena kokpangan daginge ana ing panggonanmu, wong najis karo kang ora najis padha bae dipadha kaya yen mangan daging kidang utawa daging menjangan.


Mung getihe aja kokpangan; iku esokna ing bumi kaya banyu.”


Awitdene kabeh kang dititahake dening Allah iku becik, lan siji bae ora ana kang karam, angger ditampani kalawan saos sokur,


mulane padha nempuh rayahane, padha njupuk wedhus, sapi lan pedhet, iku padha disembelehi mangkono bae ana ing lemah lan dipangan sagetihe.


Bab iku nuli diaturake marang Sang Prabu Saul, unjuke: “Kauningana, rakyat sami lampah dosa wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, inggih punika anggenipun nedha dalah saerahipun.” Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Kowe padha laku cidra, padha ngglundhungna watu gedhe mrene, saiki uga.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan